Cerkak : KEDANAN JOKOWI

Lik Kliwon, sawijining warga ing Surakarta Hadiningrat lagi nglaras tur paneng ning lincak ngarep omah sabubare isak. Sinambi ngeses kretek. Lagi setengah jam wae udude wis entek telung ler. Mripate landhep kaya-kaya nrawang adoh banget, mboh menyang donya ngendi?. Sajake ana sing lagi dipikirake. Udude disedhot dawa tur rada suwe. “reketegreketegreketeg” swara mawa mbakone nganti krungu. 

Dumadakan swara bojone, Ngatmini nyeluki katon banter mbuyarke pandhelenge. “Pakne, Pakne, gilo reneya, tipine apik banget. Pak Jokowi dilantik dadi Gubernur Jakarta, lho. Wah, katon tambah ngguantheng, Pakne.”

 Merga kaget krungu kang kaya ngono mau, Lek kliwon watuk saknalika. “uhuk uhuk.” Udud sing isih separo mau tumuli diceceg ning lincak kono katon gregeten plus kemropok. Meneng sedela, ambegan ping loro, banjur nyelathu.

“Owalah, owalah. Jokowi maneh, Jokowi maneh. Rumangsaku ning endi-endi isine mung Jokowi kabeh. Sedina wae ora bisa uwal saka Jokowi.”

“Mbok aja ngono ta, Pakne.” Bojone metu, lungguh ning kursi sasisihe lincak.
“Esuk-esuk maca Koran,“ lek Kliwon mbacutne. ”sing dipacak gedhe dhewe potone Jokowi. Lagi thenguk-thenguk ngaso rolasan, kanca-kanca pabrik kabeh padha ngrembug Jokowi. Sore-sore mbukak internet, sing njedhul nomer siji jenenge Jokowi. Bar magrib nyetel tipi, mak cegagik, sing disyoting gambare Jokowi maneh. Saiki, ya beritane Jokowi maneh. Gek wingi Jokowi, gek wingine ya Jokowi, gek wingine maneh ya Jokowi maneh. Rumangsaku, Jokowiiiiii… terus. Apa lagi munggah godhong (diwaca : naik daun) yak e. Apa yen ora Jokowi ki, beritane ora payu ta yaa ya…?. Wis jan.”

“Owalah, Pakne, Pakne. Sampeyan ki kepriye ta?” Bojone mangsuli. ”Ya mbok sing bungah kaya liya-liyane kae. Atase wong Solo bisa dadi Gubrenur, eh Gubernur, ning Ibu kota rak ya awake dhewe kudune melu bungah ta. Ora malah kaya wong susah ngono.”

“Ngertimu ki apa ta nii, nii. SMP wae ora tutug no kok, ndadak melu-melu nguyahi segara. Kowe ki ora mudheng, yen masalah-masalah ning Solo ki ora ana sak kuku irenge Jakarta. Paribasan yen Jakarta ki buwah semangka, kutha Solo ki mung kaya buwah klengkeng kae. Wis, bayangna dhewe!”
Ngatmini sajake ngematke omongane bojone tenanan.

“Macet, banjir, preman, kampung kumuh, kampung miskin, transportasi, pabrik kobong, pasar oprokan, gunung sampah, kali buntet, dalan nggronjal, tawuran, korupsi, warga urban, gek ndak taun sansaya nambah. Masalah apa wae ana ing Jakarta. Eh, eeh… wis ta, pokoke komplit plit, kaya es campur Manahan kae. Ana roti, cendhol, cincau, kolang-kaling, buwah melon, telasih, nangka, lan kates wae kelakon ana.” Drijine karo ngitung. Lek Kliwon ngeleg idu. “Gleg.. gleg...” kalamenjinge munggah mudhun. Rokok kretek disumet maneh. “Srupuut.” Mak buul… Beluke rokok mbentuk wit ringin.

“Ya ora ngono ta Pakne, sampeyan ki mung panganane wae. Kabeh ki ya kudu di coba dhisik. Sithik mbaka sithik dibenake sing penting ajeg. Mengko rak ya suwe-suwe bisa dadi kutha sing tata, kaya Solo kene. Rak ngono ta, Pakne?”

“Gampangmen ta, nii nii.” Rek jres lan rokok dikanthongi banjur lunga.
“Karepmu, Pakne, Pakne.” Ngatmini mlebu ngomah.

***
Ning cakruk kidul kampung katon rame. Ana kendaraan cacah papat mandeg, sajake arep padha lelungan. Lek Kliwon nyedhaki.

“Wah, mantep tenan ki. Program kerja 100 dinane Pak Jokowi ning Jakarta, bakal mbenahi pendhidhikan lan kesehatan. Jos gandhos.” Gareng nrocos nganti muncrat, mergane UI (untune inguk-inguk).

“Apa ya kelakon tenan ta, Reng?” Lek Kliwon nyaut sak kenane. “100 dina ki cepet lho.”
“wah iki, teka-teka kontra.” Bejo nyambung.
“Sek-sek, iki arep do menyang ngendi ta? Kok padha ngetokake kendaraan.
“woo lha kontra tenan iki, mulane ketinggalan info penting. Ha.. ha.. ha...”
“Arep prasmanan Lek Kliwon. Sukurane Pak Jokowi ning Loji Gandrung.”

“ngeng… ngeng… ndet.. det.. det.. det …” Paidi boncengan karo Bakri mandheg, nanging mesine ora dipateni. “Ayo, ngenteni sapa maneh? Selak ora kumanan mengko.” 
“Ayo.. ayo.., cabut.. cabut...”
“sek, sek. Lha Lek Kliwon piye?”
“Lha wong Lek Kliwon kontra og!”
“Sakjane aku ki ora kontra yaa, mung aku ki mesake Pak Jokowi. Kakeyan gaweyan mengko mesthi. Ning Solo wis penak-penak ndadak nyalonke ning Jakarta.”

“Lha saiki melu makan-makan gratis ora, Lek? Yen ora tak tinggal, wetengku selak kroncongan ki.” 
“Saiki? Wah yen saiki aku dijak makan-makan gratis.., ya.. ya.. mathuk thok no.”
“Ayo, gek ndang nggonceng.”
“ woke, lest go… ngeng.. ngeng.. ngeeng…”
“Madhang mbokdhee. Ha.. ha.. ha…”
“ Sugeng makarya in the Jakarta, Mr. Jokowi. Good Luck …”


Kembali ke Daftar isi Kumpulan Cerkak Berbagai Tema






  

Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Cerkak : KEDANAN JOKOWI"

Back To Top