Cerita Jawa : Kidunge Temanten Anyar

“Tintrime ing wengi iki/ Tan bisa nuncepi raga/ Merga ingsun nganggo tameng/ Bojoku sing ana kamar/ Sliramu ndang cancuta/ Busanane copoten, Nduk/ Hayo ladenana kangmas.”

Tembang asmarandana ngumandang saka jiwane Sukaryo. Jiwa kang lagi mongkog merga kegrujug manise madu. Jiwa kang kebak kembang wangi merga kasebut temanten anyar. Oh.. manise madu temanten anyar, pancen bisa ngobrak-ngabrik hawa. Contone hawa adhem, saknalika bisa owah dadi anget. 

Sakjane Sukaryo iku ora bisa mbabar aksara dadi ukara. Apa maneh nganggit tembung dadi tembang. Nanging wiwit dadi raja sedina sewulan kepungkur, dheweke dumadakan dadi pujangga asmara. Ana dara cacahe papat, Sakuni-unine swara bisa dironce dadi macapat. 

Wengi iku, kaya biyasane ing sandhinge sumeleh wanita mbangkok, ya kuwi sigaraning nyawane.  Jenenge  warti, salah sawijining buruh ing pabrik tekstil gedhe dhewe sak Indonesia. 

Anggone kenal warti, Sukaryo ditepungake dening kanca kenthele, Jiman. Jiman iku sak pabrik karo Warti. Wektu kuwi Jiman mboncengke Warti menyang warung Soto sakidule sawah-sawah sing wis dikeringake merga arep dibangun perumahan. Ora dinyana, ing dalan kutha sing diarani kutha makmur mau, Sukaryo saka arah kulon ngerteni Jiman. 

 “Tiinn...tiiinnn...tiinn.” Klaksone Sukaryo sora nyeluki Jiman.
“Woee.. Yo.. mampir sek.” Wangsulane Jiman kang ndadekake Sukaryo mandeg.   
“Arep nendi, Man?”
“Rolasan sek, Yo. Neng warung kene. Ayo bareng sisan.”

Sukaryo mung manut wae nalika digiring mlebu ing warung lan sabanjure padha dremba anggone mangan. Ing tengah-tengah rolasan mau Sukaryo mbatin, kok ana wanita gedhe dhuwur gelem-gelemen diboncengke priya kang wis rong taun mentas saka bujang. 

“Oya.. Kenalke, Yo. Kanca pabrikku.” Swarane Jiman mbuyarake lamunane Sukaryo. 
“Kula Warti, Mas.” Karo ngethungake tangane. Sukaryo banjur nampani tangan mau, salaman lan nyebut jenenge.

Saka pitepungan mau, kanyata Sukaryo nduweni rasa seneng marang Warti. Mulane sakwise prastawa ing warung soto iku, Sukaryo takon-takon babagan Warti marang Jiman. Lantaran Jiman, sesambungan ing antarane Sukaryo lan Warti terus mlaku kaya ilining banyu. 

***

“Piye, Yo. Rasane omah-omahan karo Warti”? Takone Jiman sinambi nyebulake keluk udude ing ngarep kontrakane Sukaryo sabubare magrib. 
“Wah... maturnuwun lho, Man. Rasane ora kinira, nganti ora bisa dak aturke...he..he.” Sukaryo sing mangsuli karo cengengesan.

“Wah, nganten anyar kok ngepasi hawane udan-udanan kaya ngene. Ya mesthine anak cecak, sakwayah-wayah butuh gari mbukak..ha..ha..”
Karo ngampleng lengene Jiman, Sukaryo mbalesi, “Heleh, Man. Bisa wae kowe iki gawe ukara.” 
“Ya, Syukur, Yo.. muga wae langgeng. Bebojoan kuwi rak sing penting imbang antarane urusan rohani lan jasmani.”

“Iya, Man. Lha piye bojo lan anakmu, ya sehat-sehat wae ta?”
“Ya, alkamdulillah, Yo. Diparingi waras kabeh.”

Pawongan loro mau padha ngumbar guyon lan omongan nganti tumekane swara adzan isyak. Sukaryo ya tanggap ing sasmita ora bakal tekan wengi anggone ngejak jagongan. Sesuk bisa dolan maneh, lan mesthine bisa ngronce omongan maneh. Wis lumrah yen Jiman kerep dolan menyang kontrakake Sukaryo. Merga kang kaya ngene iki, bisa ndadekake kekancan sansaya raket.

Sesuke, Bagaskara lan kartika isih ajeg mlaku ngubengi bumi kaya dina-dina sawise. Semana uga Sukaryo, Warti lan Jiman, nglakoni urip lumrahe wong urip. Ya kerja, mangan, turu, kondangan lan liya-liyane. 

Sawijining dina, Sukaryo mulih kerja ora kaya lumrahe. Dheweke njaluk  idin marang mandore supaya diolehke mlebu setengah dina. Alesane arep njagong menyang Sragen ing papan panggone sedulure. Nanging kuwi mung reka-rekane Sukaryo. Asline dheweke mung kepengin methuki bojone sing saiki ana kontrakan dhewekan. Sukaryo wis ngerteni yen bojone seminggu iki ora bakal bisa ngancani turu wengi amerga oleh jatah kerja sift bengi.  

Mulane kanthi wewayangan praupane bojone, Sukaryo nggeblas mulih ora nganggo suwe. Satekane kontrakan, ora ngira yen ing ngarep ana kendaraan ngadeg sing wis disetandarake loro.  Ora liya kendaraan kuwi mau duwekke Jiman. Sukaryo apal banget. 

Ing pikirane Sukaryo ora ana rasa curiga saipit-ipita. Merga Jiman iku kanca kenthele awit cilik. Mbok menawa wong kaloron kang sak pabrikan mau lagi padha ngrembug babagan gaweyan pabrik. Lawang ngarep sing ditutup nanging ora dikunci mau banjur di bukak. Ruang tamu katon sepi. Sukaryo mlebu ngono wae, lha wong ya kontrakake dhewe.  

Rindhik-rindhik krungu swara ngguyu nanging diampet saka kamar. lawang kamar sing mung saka korden mau banjur disilakake. Dumadakan sarung tipis sing dileboni wong loro, yaiku Warti lan Jiman mau saknalika suwek, weekkk.., merga kalorone kaget.

 ***

Ing tengah wengi sirepe wong, Sukaryo lungguh dhewekan sandhuwure jembatan bacem. Dheweke nyekel botol karo uran-uran. Mbuh, apa sing lagi ditandhang Sukaryo, wong-wong sing padha sliwar-sliwer liwat iku padha ora ngerti. Lan sing baku mesthi padha ora nggagas. Nanging yen ana kang kepengin mangerteni, bisa nyedhak lan ngrungokake uran-urane. Kayane dheweke lagi nembangake tembang pocung anggitane dhewe. Sruwing-sruwing tembang mau metu saka kocape. 

“Bapak pocung/ Cangkemku madhep mendhuwur/ mangap karo mlongo/ Ombenanku topi miring/ kaya ngene rasane wong bar pegatan.”








Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Cerita Jawa : Kidunge Temanten Anyar"

Back To Top