Cerita Jawa : Krecek

Dadi wong desa wis mesthine kudu melu grudag-grudug. Embuh kuwi acara kondangan, kerja bakti utawa sambatan. Sing ora bisa nindakake  mesthine padha dadi caturan warga. Merga budaya mau wis ngoyot ing saben dhusun, klebu dhusune Marjo.

Ngleboni tentara ping lima ora ketampa nganti ora bisa ndaftar maneh mergane umure wis entek. Kahanan mangkono njalari semangate Marjo anggone nglakoni urip dadi kendho. Saiki mung trima kerja ing pabrik sisih kecamatane. Bejane wae Marjo urip ing jaman saiki, jaman kang akeh gaweyan. Pabrik-pabrik mbrubul kaya dene laron metu saka rong ing mangsa rendheng.

Sore iku Marjo lheyeh-lheyeh ing kursi ngarep omah sawise mulih saka pabrik. Mbokne lagi ing mburi masak kanggo tedhan mengko wengi, dene bapakke lagi miyos nilikki sawahe. Dumadakan unuk-unuk ana pawongan setengah tuwa mampir omahe. Marjo ya wis ngerti yen kuwi Lik Joko sing gaweyane atur-atur.

“Mas, Bapakke wonten?” Kandhane.
“Nembe medhal, Lik. Kersanipun?”
“Sampeyan wakili mawon. Kula mriki diutus Pakdhe Noto, ingkang sepisan silaturahmi, ingkang angka kalihipun sampeyan diaturi kenduren.” Candakke.

Wis dadi padatan menawa bapakke ora ana, Marjo kang ngganteni kenduren. Ora mung sepisan iki wae, wis ping bola-bali Marjo melu kendhuren. Kerana ngakoni wong desa, tanpa mikir lan kumecap apa-apa, Marjo banjur ngono wae gumregah saka papane tumuju amben njupuk sarung kanggo mblebet ngisorane. Kenduren kuwi rak adate wong Jawa, dadi yen digathuk-gathukake karo budaya manca kayata Cina, India utawa Arab mesthine ya  beda, ora gathuk.

“Long, kenduren ora?” BBM-e Marjo marang tanggane kang dikarapi Bolong.
Ora suwe saka kuwi, Bolong mbalesi, “Iya. Iki wis mlaku. Tak enteni protelon”.
Kaloron nom-noman kuwi wis kenthel anggone kekancan, dadi yen ana apa-apa mesthi padha ditandangi bebarengan. Sakjane jenenge Bolong kuwi Ihsan, amerga gaweyane ngebori  kayu supaya bolong, dadi tekan saiki dikarabi Bolong. Jane ya risi yen diceluk Bolong, nanging kanggone Ihsan malah wiwit diparabi Bolong, job ngebori kayu dadi sansaya rame. Iki kang ndadekake rejekini tambah santer.
“Rumangsaku rasane beda, pitik kampung karo pitik belihan kuwi.” Clatune Marjo marang Bolong sawise ketemu ing protelon.

“Sing dipangan og mung iwak wae. Mbok pisan-pisan dicicipi krecekke.” Sauté Bolong karo nggleges ngguyu, amerga wis ngerti yen Marjo kuwi mblenger krecek.

Krungu mangkono, Marjo mung nyengir. Pancen bener kang diomongke Bolong, panganan sing dhisik dhewe dijipuk yen kenduren yaiku iwakke, liyane keri. Sansaya jangan krecek, ah dilirik wae ora. Mbuh ngapa Marjo wiwit cilik ora doyan krecek. Biyen nate ngicipi sethithik nalika isih cilik, jare rasane amis-amis piye ngono. Dadi wiwit kuwi Marjo babar pisan ora doyan krecek.

“Wis gedhe kok isih nyirik krecek ki piye?” Pitakone Bolong nalika grenang-greneng lungguh nunggu warga liyane sing durung teka. Rembugan krecek tekan sajroning kenduren. Para warga kang krungu sruwing-sruwinge kaloron nom-noman mau padha ngguyu.

“Wong Jawa kok ora doyan krecek. Ora ilok Lho.“ Pakdhe Sarno nyelethuk.
Marjo ya mung mendelep, ngawasi ngisor karo kukur-kukur rambute. Kabeh kang melu kenduren padha mencep ngguyu. Nanging kabeh kang teka ora bisa ngampet guyune nalika Lik Tarman melu urun rembug,”Mulane Marjo sak yahmene durung etuk jodho, lha wong nyirik krecek.”

Sawetara swara geguyon lerem, padha meneng, Pak Modin kang ditunggu-tunggu wis rawuh. Sawise Modin nyalami para tamu kang wis tandya ngiteri kenduren kang di tata ing tengah-tengah, banjur pakdhe Noto, kang kagungan kersa mara. Pak Modin disalami amplop sinambi umak-umik pratandha kenduren wis bisa diwiwiti. Kanthi mangkono, Pak Modin miwiti kanthi donga pamuji jumbuh karo panjalukane pakdhe Noto. Ora suwe anggone pak Modin ndongani, mung kurang luwih sepuluh menitan. Para tamu banjur mulih sowang-sowang sinambi nggawa kenduren.

Crita krecek kang manjing ana ing Marjo kanyata ora kandeg sawise kenduren mau. Para warga ing dusune padha kelingan krecek nalika ketemu Marjo. Ora mokal, yen sabanjure para warga marabi Marjo kanthi sesinglon krecek. Paraban iki cepet banget nyebare ing dhusun mau. Malah akeh saka kalangan ibu-ibu lan mbokdhe-mbokdhe kang uga wis akrab nyeluk Marjo kanthi jeneng Krecek.

“Cek.. Krecek..” Mangkono yen para warga padha nyeluk Marjo.

Wiwitan rasane risi yen Marjo diceluk Krecek. Nanging suwene-suwe, Marjo wis kulina lan ora risi yen diceluk Krecek. Malah rong taun sawise wiwit diparabi krecek, Marjo diparingi beja dening Gusti awujud bojo. Kanyata bojo bisa ndadekake Marjo luwih greget lan nglalekake kedadeyan-kedadeyan kang wis kepungkur. Sabanjure Marjo bisa move on maneh. Yen dilogika, ora mungkin yen kabeh iki mung gara-gara Marjo dikarabi krecek lan wis drembo anggone mangan krecek.


Kembali ke Daftar isi Kumpulan Cerkak Berbagai Tema









Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Cerita Jawa : Krecek"

Back To Top