Cerkak : Pujangga K.O.

Banyu tilas udan sewengi isih tumetes saka gendheng. Mbok menawa merga hawa isih adhem, pitik-pitik dak sawang durung ana sing metu saka kandhang. Kaya esuk wingi-wingi, ing sisih kandhang kang wis kepager tembok omahe para tangga, aku ndhodhok mandheng kebon mburi omah kang mung ciut ambane. Mburi omah iki wis ora ana lawang mburi maneh, njalari pitik-pitik ora bisa saba tekan ngendi wae paran kang pengin ditekani.

Biyen nalika lawang mburi isih ana, pitik-pitik isih bisa ablas metu ing dalan-dalan. Nanging gandheng dalan uga wis rame, nate ana kedadeyan jagoku malah keplindhes mobil alus werna silver. Nalika iku sopire ora ngakoni salahe kepara ngunek-ngunekake jago kang glasaran wis ora bisa ambegan mau. Ngerti kahanan mangkono, aku ya banjur njupuk jago lan mung ngingeti mobil kuwi mlaku maneh.

Coba yen sing ngerti bojoku, sopir mau bisa ditudhuh mateni kewan kang ora duwe dosa. Lan mesthine bisa dijaluki ganti rugi. Nanging, wektu-wektu iki bojoku saben esuk mesthi lunga. Paling yen lunga esuk ngene iki golek pagaweyan liya kanggo pangupa jiwa. Saploke mburuh ngumbahi wis ora payu, kalah saingan karo liyan.

Yen aku, isih tetep ajeg wae ing ngomah, sanajan mung omah kontrakan. Embuh kuwi esuk, awan utawa bengi. Nanging aja padha duwe pikiran neka-neka yen aku iki wong kang nganggur. Ora. Aku kaya manungsa lumrah, nduweni kerja. Bedane aku kerja ing ngomah kontrakan iki, dhines nulis. Ya geguritan, ya cerkak. Aku percaya, mengko sawijining dina aku bakal dadi panulis kang kondhang, lan bisa plesir ing ngendi-ngendi parane. Nanging ora saiki. Mulane, esuk-esuk ngene iki aku ndhodhok ing kebon mburi kanggo golek idhe supayane inspirasi bisa mampir menyang pikiranku.

“Klonnthaang....” Swara kendhil dibanting. Aku menyat saka panggonan.
“Ana apa, Sur?” Pitakonku marang Surti, Bojoku. Nanging Surti mung meneng wae.
“Jane ana apa? Esuk-esuk wis mbanting Kendhil. Ora ngerti apa, ana wong lagi golek inspirasi barang no kok.” Tambahku. Surti malah ndheleng praupanku tandhes.

“Inspirasi? Kanggo apa, Mas? Kanggo nulis crita? Rumangsane crita ndadekake weteng wareg, Mas?” Wangsulane sengak. Aku mung mlengos. Kecenthit ati lanangku. Panulis crita kuwi bisa wae ngopeni anak lan bojo, nanging ora saiki, suk yen wis tulisane kawentar. Dak sawang Surti nata barang-barang, kaya wong arep pindhahan.

“Jaman sakiki kok isih pengin dadi pujangga. Rumangsane jaman Majapahit apa?” Surti mbacutne omongane.
“Jane kowe kuwi ana apa ta, Sur? Ora ana udan ora ana angin kok mak bedunduk owah pikiran ngono?” pitakonku sansaya bingung.
“Ana apa? Dak gamblangke, Mas. Aku arep mulih menyang daleme bapak.”
“Mulih? Kok banjur mulih wae. Kena ngapa ora dirembug dhisik Ta, Sur?”
“Rembug? Rembug apane, Mas? Sing dijak rembugan mung bisane ngalamun neng kandhang pitik.” Surti mandheg sedhela banjur mbacutake, “Wis mas, barang-barang arep dak gawa mulih, kajaba buku-bukumu sing wis lethek kuwi.”

“Sur, Yen pengin bali mulih ya ora kaya ngene iki carane. Kowe kuwi duwe bojo.”
“Mas, wiwit aku ngontrak ing kene. Aku durung nate mbok senengke. Uripku isine mung nelangsa. Apa maneh wiwit aku di PHK saka pabrik. Aku lila kerja mburuh ngumbahi. Nanging saiki, wis ora ana sing mbutuhke bauku maneh, Mas. Sampeyan mung bisa ngalamun lan nulis crita. Mbuh crita kuwi mengko dadi dhuwit apa ora. Nanging aku ora nate mbok blanja, Mas.”

 “Sur, wis ping pira wae dak kandakake. Aku iki mung butuh wektu. Mengko yen wis padha mangerteni aku iki panulis, mesthi bakale aku dadi wong kang kawentar, kondhang. Tulisanku bakal ngebakki toko-toko buku. Para panggemarku bakal teka njaluk tanda tangan. Rekeningku bakal kelebon tranferan sing ora kinira, Sur.”

“Sabar kuwi ya ana wetese, Mas. Wis ping pira sampeyan ngomong ngono? Awit aku isih prawan nganti saiki anakmu wis arep lulus SD. Awakmu durung uga bisa nyukupi kabutuhan urip kluwargamu. Apa nate sampeyan mikir kaya mangkono, Mas.” Tangane karo nudhing-nudhing irungku.

“Kabeh kuwi ya butuh wektu, Sur.”
“Wektu? Kurang suwe piye, Mas? Tekan kapan aku kudu nunggu. Saiki aku wis teteg, Mas. Bakal bali menyang daleme bapak.”
“Nanging Aku ora bisa pisah karo kowe, Sur?”
“Semana uga aku, Mas. Aku ya kepengin kluwargane awakke dhewe utuh kaya dhene kluwarga liya-liyane.

Nanging siji, Mas. Sampeyan yen kepengin melu aku, Saiki bukumu sing pating klembrek kuwi obongen. Ing daleme bapak mengko, aku ora sudi nyawang buku-bukumu lan mangerteni sampeyan ngalamun golek inspirasi. Sampeyan kudu bisa urip kaya warga liyane. Kerja sing bisa ngasilake dhuwit. Mikir sing bisa dilogika, Mas. Ora njagakke ndhoke pitik blorok.”

Sawise mbacutake mangkono, Surti banjur nata barang-barang liyane. Mbukak lemari, njipuk klambi-klambi diwadhahi tas gedhe. Swara pating gemlodhak keprungu mbrebeki kuping. Ing ati, rasane nggrantes. Ati iki uga kudu ngrumangsani, wektu pancen wis pepes, gusis. Ora ana kalodhangan maneh kanggo nulis.

Aku kudu bener-bener ngopeni anak bojo kanthi kerja. Nanging aku tetep gela, wektu nulis lan anggone ngalamun golek inspirasi kuwi sejatine akeh sing ngalamun. Wektu kanggo nulis mung sethithik. Aku sadhar, yen kepengin dadi pujangga kuwi ya nulis lan nulis, ora kesuwen anggone golek inspirasi. Dadi akeh wektuku kang ambyar tan ana guna.

Mbok menawa wektu bisa bali menyang biyene, aku bakal nggunakake wektuku kanthi karya-karya kang menthes lan tumemen. Nanging wektu kuwi mlakune maju, sing mundhur mung wewayangan lelakon kang wus kepungkur. Aku, calon pujangga kang wis mati kerana inspirasiku dhewe.
“Sur, aku melu kowe.” Kandhaku lirih.


Kembali ke Daftar isi Kumpulan Cerkak Berbagai Tema





Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Cerkak : Pujangga K.O."

Back To Top