Cerkak : Nglambrang

Bagaskara njedhul kaya biyasane. Kaya biyasane uga, Aku njedhul saka ngarep omah. Dandan necis, sepaton, nyangking tas. Pungkasane nggenjot motor.

“Tindak Pak Guru?” Celatune tanggaku kakean takon. 
“Titi DJ Pak guru.”Lha rak tenan, tanggaku mbeda. Rumangsane bintang pilm apa? ndadak nganggo jeneng penyanyi barang. Bojoku wae pirang-pirang sasi iki ra tau mbeda aku. Sirah lagi cumleng, mula ora dak gape. Aku ya mung nggeblas ngono wae. 

“Pak Joni, putane jenengan wonten ingkang kirang pitung sasi leh.” Pak Supri bendaharane sekolah ngandharake bab bayar SPP. Aku mung mlengos. Wong kok ora duwe empan papan. Lagi teka menyat nyetandarke kendaraan wis digelari tanggung jawab. Sikilku terus wae tumuju ruang guru.
“Sugeng enjing Pak Joni?” Sawijining guru ngembang lambe. 

Lagi lungguh sawetara wis krungu swara bel. Para guru tata-tata buku lan absensi kanggo persiapan mulang. Aku uga ngono.
“Sik ya cah. Pak guru arep enek perlu sedhela. Aja rame ya.” Kandhaku ing ngarep kelas sawise dak wenehi tugas.

”Nggiiihh…, Pak.” Swarane bocah mbata rubuh. Rumangsane padha seneng yen ditinggal gurune. Aku jane ya seneng yen wektu-wektu iki asring ninggalke kelas. Kaya-kaya aku wis “bebeh”, ngono basane wong banyumasan. Males. Lha piye? mulang seprana-seprene ora tambah penak malah rekasa. Lagi seneng-senenge nyecep sertifikasi rongtaun, malah saiki akeh pepalang kang nyegat-nyegati. Rasida cair, mangkono basane wong-wong kae. 

Jare Diknas, aku biyen nalika pengisian data ana sing salah. Lha salahku ning endi padha ora ngerti. Dicek rung ketemu. Merga sertifikasi ora cair kuwi, sambetanku mring bojo dadi sendhet. Gene ora? Lha wong yen njaluk mesthi tak semayani. Ora njaluk sing neka-neka, nanging njaluk dhuwit kanggo kabutuhan urip. Klebu bayar sekolah anak, pirukunan, njagong, tilik wong lara lsp. Piye maneh yen gaji wulanan kuwi mung cukup kanggo mangan. Mula, yen anggonku dadi wali kelas iki kaya leda-lede. Dikandani yen sawijining muridku nunggak SPP ya ora dak parelu.

Mulih sekolah mampir wadhuk kulon kecamatan. Rasa budrek iki butuh panggonan kanggo  mbuwang. Dengaren kahanan rada sepi, tas dak selehke menyang suketan. Aku lungguh nyawang kahanan. Silire angin kang nggoyak gegodongan gawe mripatku liyer-liyer.

Dak sawang ana bocah sekolah lanang wadon. Jebule para mudha mau lagi nandhang kasmaran.
“Cah sekolah saiki isine mung pacaran wae.”Batinku.
Pandelengku ajeg tumuju bocah loro kuwi.
Wheelaa… kok pacarane nganggo jiwit-jiwitan barang. Malah saiki pindhah enggon sing rada rungket. Wheladalah… Malah jakete dinggo lambaran.

Ngerti ngaling-ngalingi pandelengan, awakku ngadeg. Nyoba nemoni bocah loro mau. Sawetara aku wis rada cedhak, “Mak jegagik”. Bocah loro padha njranthal, mlayu nggenjot kendaraane.

Aku ngematke kanthi setiti, “Sek-sek kosek. Kae mau sapa ya? Kok kayane aku wis tau ngerti.” Pikiranku ngeling-eling bocah lanang mau. Suwe anggonku mikir karo nggujengi bathuk.
“Woo..lhadalah… jebul kae mau anakku sing SPP ne kurang sak yuta.”

Sesuke jam kalima bubar ngaso sepisan aku ijin marang guru BP. Karepku arep Home Visit. Mriksa bocah kang jenenge Andi perkara SPP. Kamangka tumpakane motor gedhe. Lan jare kanca-kancane sangu saben dinane luwih saka rongpuluh ewu.

“Kula nuwun.” Aku dodok-dodok lawang sawise tekan omahe. Dak sawang pancen kahanan omah kuwi magrong-magrong. Lumrah yen bocah mau sangune akeh lan tumpakane moge. Nanging kena ngapa kok SPP ne kurang akeh. Ora let suwe ana swara saka jero ngomah.

“Mangga.” Lawang dibukak..
“Nggih, Pak. Sinten nggih”? Pitakonane ibu mau.
Ora dak gape. Mripatku nyawang cahya praupane. Ayu tenan wong wadon iki. Gedhe dhuwur, putih, kinclong. Sajake ajeg menyang salon. Gek panganggone sak eneke. Kaya klambi durung dadi. Dak sawang dhuwur tekan mangisor, bali mandhuwur maneh. 

“Pak.” Kandhane.
Aku gragapan,”oo,, nggiihh…ngih.. nggih..Bu.. Wonten menapa?”
Ibu mau malah ngguyu, “Kedahe kula ingkang pitaken kala wau.”
“Nggih..nggih.. nga.. ngapunten..” Raiku mbrabak abang, isin.

Aku dilebokna ing ruang tamu. Sajak jembar lan mewah. Kursine wae empuk enek bantale sisan.
Aku ya ngaturaken apa kang dadi kaperluwanku sanajan rada grogi. Ibu mau kaget, kamangka sasuwene iki Andi yen njaluk dhuwit SPP mesthi di wenehi.

“Nyuwun pangapunten, Pak. Mangke kula tangleti bocahe. Lha wong yen manthuk niku sonten-sonten. Turene nderek ekstra kathah.”
Aku mlengos. Lha wong ekstra sing wajib mung pramuka, kuwi wae seminggu pisan. Gek sak ngertiku Andi ora melu ekstra apa-apa. aku uga ora nyritakake bab Andi pacaran menyang wadhuk gek wingi.

“Mangga, Pak. Dipun unjuk”. Asem tenan ibune ngaturi aku karo nglirik. Lambene kang abing bing jan gawe atiku remuk. Cangkir kopi dak cekel. Sithik-sithik aku nglirik dengkule kang katon mloho. “Di kapakna ana dengkul kok bisa putih kaya ngene”.

“Sekeco, Pak. “
“Ehh-…ehhh… nggih Bu. Aku meh keselak. Merga ora konsentrasi.
“Lha Bapak wonten pundi Bu?” Pitakonku kanggo teles-teles lambe.
“Walah Pak, Bapak niku menawi kondur tigang taun sepindah. Makarya wonten kapal pesiar, Pak.

Aku mung ngrungokke ibu mau karo nyawang-nyawang awake kang jan weweg tenan.
“Pak ngapunten kula wau dereng adus.”
Aku kaget. Lha ngapa ndadak ngomong durung adus barang. 
“Lha pripun ta, Bu.?” Takonku tratapan.

Aku karo njupuk suguhan roti. Kareben kanggo nutupi anggonku ngeleg idu. Dheweke ngadeg. Tangane ngawe-ngawe sajak ngajak. Atiku umub. Aku nututi plakune ibu mau tumuju kolah mburi. Aku melu wae apa kang diprentahake.

Praupanku prasasat diciprat-ciprati banyu. Horotoyooohh... Bener iki banyu tenan. Wah apikan tenan ibune Andi, gelem nyiprati rupaku.

“Ampun dibikak paningalipun lho, Pak” kandhane.
Volume deg-degan saya banter keprungu saka dhadhaku. 
“Lha wonten napa, Bu? Kula kepengin mangertos Lho.” Swaraku mesam-mesem ngguyu.
“Aaa.. Panjenengan nakal.” Omong ngono karo njiwit. 

Kandane mau ora dak gagas. Aku mbukak mripatku. 
Badalaahh…
Dak sawang wit-witan padha mobat-mabit. Kahanan mendhung. Awakku ketletikan banyu udan. Tujune ora ana wong sing nyawang. Panggonan sing kanggo pacaran bocah enom mau malah dinggoni wong liya genti. Katon ing kana padha colong playu wedi kudanan.  

Aku bali menyang kahanan. Ah.. jebul jagade pangimpen luwih nikmat tinimbang kasunyatan. Mbok menawa pikiranku lagi semruwet, malah nglambrang tekan ngendi-endi. “Oh, Bojoku.. ngertenana rasane atiku”.  Swaraku remeng-remeng.

Aku gage-gage nyangklung tas lan nggenjot motor. Mlayu banter. Sore kuwi mantolku keri. Kapeksa raga lan pikiranku dak lilakna diantemi banyu udan.


Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Cerkak : Nglambrang"

Back To Top