Cerita Jawa : LELAKON ANYAR

LELAKON ANYAR

“Lho kang, wedhuse arep digawa menyang ngendi?”
“Arep tak dhol dhisik, mbesuk dak ijoli.” 
“Lha duwite arep kanggo apa ta kang? Wedhus kuwi arep kanggo jagan-jagan Yono mlebu SMP.”
“Iya..iya.. cah ayuu.., aku wis ngerti. Paling seminggu engkas mengko tak tukokne wedhus sing luwih gedhe.”
“Dhuwit saka ngendi kang? biyen wae nalika kang Darto ngedhol wedhus jare diijoli, malah sak yahmene durung bali.”

Pandelenge Darto landhep ing mripate Ngatmini. Banjur nggetak.
“Kowe pilih mingkem apa tak tapok lambemu. Cah wedok ora ngerti butuhe wong lanang.” 
“Tapuken kang... tapukken...” Mripate katon kembeng-kembeng. 
“Wis... bisa minggir ora kowe.” Karo njorokke bojone.
“Ora kang.. ora...” Sing dijorokke banjur tangi lan nggeret-nggeret tali wedhus. Wedhuse malah gembrak-gembrek rumangsa bingung.
“Wedokan ngeyel...” Sikile ndupak awakke Ngatmini, sing didupak glasaran ing latar. 

Tanpa rasa dosa, wedhus Jawa sing ora ana tunggale mau dilarak lan dijunjung mlebu bronjong. Saknalika, sesawangan pawongan numpak motor plethuk lan nggawa bronjong isi wedhus mau sakeclapan ilang. Para tangga sing padha nyekseni banjur nangekake wong wadon sing mripate dleweran luh.

***
Sing lanang kerjane dadi sopir trek. Mbuh pira gajine, sing mesthi dhompete ora tau gogrog ing nggone, Ngatmini bojone. Malah ingon-ingonan sato kewan kayata pitik lan wedhus ing ngomahe resik merga didhol dening Darto. Saben mulih kerja, kerep banget Darto nyangking botolan kang ambune ora nggenah. Bojone wis ngerti yen kuwi banyu haram. Nanging, Ngatmini ya mung meneng wae. Nate Darto dipenggak Ngatmini supaya ora ngombe banyu mau, nanging kepara atine kelara-lara kena unen. Apa gara-gara banyu setan kuwi kang ndadekake jiwa lan ragane Darto uga kaya setan?

Babagan kabutuhan urip, kabutuhan pendhak dina wae ora tau di gagas dening Darto, apa maneh kabutuhan sekolah anakke. Iki kang ndadekake, Ngatmini kudu cepet-cepet muter sirahe, kepiye carane bisa nyukupi sakabehe. 

Ora akeh sing dilakoni Ngatmini. Mung kerja sak bisane, melu buruh tandur, rawut lan gaweyan sing ketok mata ing sawah. Kabeh dilakoni mung mburu cukup. Sanajan yen dirasak-rasakake pancen abot tenan. Anakke sing mbarep kelas 6 lan sing ragil kelas 2, mesthine mbutuhake beaya sing ora sithik. Apa maneh sing mbarep sedhela maneh bakal nggolek SMP. Program sekolah gratis sing ana ing wewayangane, prasasat banyu sakdhuwure aspal panas ing adoh kana, jarene fatamorgana arane. Nyatane wektu ing SD iki, ana-ana wae iuran kang kudu di bayar. 

Sawijining dina, Darto mulih karo nggawa kancane. Emane, Ngatmini ora ana ing ngomah. Mungkin lagi derep pari ing sawah. Wong loro mau ngobrol ngalor ngidul. Sawise iku, kancane Darto metu saka ngomah. Ngingeti amba omah kang dikupengi kebon sing ora sepira-a gedhene kuwi. Sawetara Darto metu saka ngomah nyangking lembaran dluwang mbuh isine apa. 
Katon seneng, wong loro banjur ninggalake omah blabak kuwi. Anakke sing ragil mung bisa ngawasi bapakke saka cendhela ngarep omah. Ora dhong apa sing lagi ditindakke bapakke mau. 

***

Wengine, nalika bulan ngatonake prengute kang sedhih, Ngatmini njangkahake sikile saka ngarep lawang tumuju ing pengajian yasinan. Nanging sadurunge teka dalan ngarep omah, ana pawongan loro gedhe dhuwur nggawa Jaket ireng mandeg ing ngarep omahe.
“Nuwun sewu, Bu. Menapa mriki leres daleme Pak Darto?”
“Nggih leres, Pak. Kula semahipun. Kersanipun menapa, Pak?”
“Kula saking Polsek, Bu. Wonten kabar menawi pak Darto nemahi kacilakan wau sonten.”

***

Maneka rasa sing ora karuan padha gelut ing atine Ngatmini nalika mlaku tumuju ruang ICU. Ing ruang kono, Darto mlumah tanpa sadhar kanthi perban padha nggubet sikil, tangan lan perangan sirah tengene. Ing pinggire ana pawongan setengah tuwa ngelungake stopmap sing isih kecipratan getih kuwi.

“Sampeyan garwane mase nggih, Mbak?”
“Nggih, Pak. Leres.” Swarane lirih ketanggor mingseg-mingsege.
“Niki wau kadose mase mbeta stopmap niki, Mbak.”
“Maturnuwun. Panjenengan sinten, Pak?”
“Kula sing nggawa mase mriki, Mbak. Wau mung ngepasi liwat mawon. Ngertos Mase nabrak wit ringin ing tengah protelon Kecamatan.”

***

Kadya tuk banyu satengahe bongkot kali, kanggo mbebasani mripat kang kuciwa kuwi. Garis cakar pitik sak pinggir mripate wis ora katon merga derese luh kang padha rebutan metu. Kanthi tangan ndredeg nyekel isi stopmap, mripat teles mau nyoba nyawang pawongan ing ngarepe kang banget ditresnani. Nanging tresna kang prayoga lan suci mau bakal kabedhol ing wengi iku uga. Ngatmini ora ngira, banyu botolan sing dicangking saben dinane, dadi oyot mula bukane lelakon sedhih iki.  

Dluwang sajrone stopmap kang isine babagan serah terima dhuwit walikan lemah-kebun omahe Ngatmini-mau banjur dilebokake ing stopmap lan pungkasane diselehake ing dhadhane Darto. Tangan kiwane banjur dicekel lan diunggahke ing dhadhane nindhehi stopmap. Ngatmini ora bisa nrawang, kepriye bakale sesuk, sisuke lan dina-dina liyane bakal nglakoni urip tanpa ana iyup-iyupan. Nanging dhasar tetege wanita prekasa, mung bisa percaya bakal bisa nrajang prekara kabeh mau. 

Luh sengaja dindheke. Tangan tengene nyoba ngilangi luh mau saka pipine. Tanpa swara,  Ngatmini metu lan ngendhepi lawang kanthi alon. Ing jero ati, Ngatmini tansah ndreming, “Bakal dak pungkasi lelakon iki, Kang. Aku ora bakal sudi kepethuk sliramu maneh.” 

Ngatmini nyoba mlaku kanthi kukuh ninggalake papan ICU. Atine kang maune kebak rasa sing ora karuan, saiki mung ana sak rasa. Rasa kuwi yaiku pasrah. Pasrah marang sing Ngaurip. Pasrah lila legawa marang kahanan sing wis kelakon. Jiwa lan ragane bakal nyoba nyampluk ombak gedhe sing ana ing ngarepe. Lelakon anyar bakal dilakoni tanpa rasa wedi. 

Lakune Ngatmini sansaya cepet. Sawetara iku, ing dhuwur langit katon sakgrombolan awan ireng padha ngetutake jangkahe Ngatmini.   

Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Cerita Jawa : LELAKON ANYAR"

Back To Top