Cerkak tentang Prajurit TNI

LUHE SI PANDU,
SANG PRAJURIT SERDADU

Bisa ngenger utawa ngabdi marang Bangsa lan Negara kadangkala dadi gegayuhane para taruna. Maneka warna pangengeran mau salah sawijining yaiku tentara, prajurit serdadu kang kewajibane njaga NKRI (Negara Kesatuan Republik Indonesia). Mulane Tentara Nasional Indonesia(TNI) nduweni semboyan “NKRI Harga Mati”. Kabeh wis padha ngerti menawa semboyan iku tegese Negara kita ora oleh pecah utawa ngedekake negara dhewe. Kayata Aceh, kang nduweni paguyuban Gerakan Aceh Merdeka (GAM). Kridhane GAM kang bakal mardekakake Aceh, mesthi wae di penggak karo pamarintahan kita. Sanajan kudu toh nyawa, pirang-pirang ewu manungsa dadi korbane.

Ing sujarah, nalika lengsere Soekarno –Presidhen kang mimpin 21 taun - ana  prastawa nggegirisi kang sinebut G30S. Paten pinaten antarane tentara lan warga sipil ora bisa dipenggak maneh. Pungkasane pirang-pirang ewu warga kang sinebut “klompok kiwa” kang wis mati mau dikelekake menyang kali.

Sabanjure, pamarintahan dipimpin dening Soeharto, Jendral kang duweni pangkat Bintang Lima. Ing wektu iki, Pak Harto isih urip. Ora awujud raga, ananging awujud gambar-gambar ing samburine trek, montor, bis lan angkutan umum. “Piye Kabare, Bro. Isih penak jamanku, ta?” mangkono tulisan sasisihe gambar Pak Harto kang lagi mesem. Mbok menawa akeh sing kangen marang Pak Harto, nyatane sak yahmene gambar mau isih laris wae.

Malah ana kang nandhingi tulisan mau kanthi mangsuli pitakonane. Mangkene unine, “Alqamdulillah, isih penak bojoku, Mas.” Ing sisihe ana gambar wanita nganggo krudhung muslimah. Wah jan edan tenan. Bangsane kaya ngono mau sing laris diomongake lan didol. Apa mergane bisa gawe ngguyu. Lha yen bangsane sing serius ki apa ya ora payu?

Bali maneh ing bab Tentara. Ing sawijining desa tlatah Solo Raya, kang garapan sawah lan kebone isih amba, ana adat kang saka jamane pak Harto tekan seprene isih ditindakake.

Adat mau yaiku, menawa para mudha kakung sawise lulus saka SMA utawa SMK, 90 persen mesthi ndaftar tentara. Sawijining nom-noman ing desa kono ana kang jenenge Pandu. Pak Bakri, Bapake Pandu wis nggadhang-nggadhang Pandu awit cilik supayane mbesuk yen wis gedhe dadi tentara kaya kangmase kang wektu iki ditugasake ing Kutha Medan.

“Le, cah bagus. Saiki kowe wis lulus anggonmu sekolah. Siapna awakmu kanggo ngleboni angkatan, ben bisa ngabdi marang bangsa lan negaramu, kaya kangmasmu kae.” Mangkono pangandikane Pak Bakri marang putrane, Pandu.

Kembali ke Daftar isi Kumpulan Cerkak Berbagai Tema

Pandu wis ngira yen bakal krungu pangandikan saka bapakke kang kaya mangkono mau. Kanthi alon-alon pandu mangsuli. “Pak, saderenge  dalem nyuwun pangapunten. Dalem badhe kuliyah mawon.”

“Horok, malah arep kuliyah. Piye ta? Kowe ki arep melu-melu sapa? Apa melu-melu mas Ranto anake Pak Lakir kae. Lulus kuliyah ora kerja malah nganggur. Apa ora isin wong tuwa ngono kuwi.”
“Manut wae ta, Le. Kuwi ya kanggo masa depanmu. Saiki mung lulus kuliya yen kepengin dadi pegawe ya angel. Pilih angkatan, langsung bisa dadi pegawe.” Tambahe Ibune sinambi ngejokki teh angete Bapak.

“Sakjane urip kuwi ora kudu dadi pegawe. Isih akeh gaweyan kang bisa ndadekake mulya. Apa maneh yen dadi serdadu, mesthine apa-apa kudu manut karo komandan. Lha yen ndhuwurane wong wicaksana ora dadi apa. Lha yen ndhuwurane wong sing ora bener?” Bisa ngomong ngono kuwi ya mung batin. Pungkasane Pandu gelem ora gelem kudu ndaftar. Sawah sepathuk wis cumepak kanggo ragad. Komandan sing nglebokake uga wis sumadya.

Petang wulan suwene Pandu nglakoni pendhidhikan ing Gombong, Kebumen. Sawise kuwi banjur ditugasake menyang Distrik Abepura Papua, njaga tlatah watese negara.

Sawijining dina, PT. Freeport Indonesia kang mapan ana ing Jl. Mapuru Jaya Timika nemahi bebaya, amarga diserang karo warga pedalaman. Saking akehe warga pedalaman kang ngamuk, para Pulisi kang menggak padha kuwalahan. Akeh korban pulisi kang padha mati utawa awakke tatu amarga kena panah, tulup, pedang utawa watu kang dibalangake. Merga kuwi pasukan didrop saka TNI. Para Tamtama kang manggon ana ing Papua dikirim, semana uga Pandu.

Sadawane dalan kang dilewati, Pandu mbayangake apa kang bakal dilakoni. Dhewekke wis ngerti yen PT. Freeport kuwi sing nguwasani wong manca. Kena ngapa wong manca kudu dibela. Kamangka wong nggone dhewe, klebu suku pedalaman kang nyerang Pabrik emas mau sing dianggep salah. “Dadi aku manggon ana ing papan kang salah? Kudu mateni wong sing bener?” Wewayangane Pandu saya ngglantrah sedhih. Dhewekke mung ndingkluk kanthi tangan nutupi mripate kang wis katon kembeng-kembeng ngatonake luh.
“Pasukan, Semua siap!” Swara Komandan ngagetake prajurit sak kompi.

Krungu swara kang mangkono, mesthine wis padha mangerteni yen sedhela maneh bakal tekan ing panggonan kang dituju. Sirahe Pandu kang nganggo helm tentara mau malah disendhekake ing bedhil kang dicekel. Dhewekke ora bisa nrawang apa kang bakal dilakoni mengkone yen wis mudhun saka trek. Ing jero batine mung bisa pasrah marang Gusti kang maha kuwasa.



Kembali ke Daftar isi Kumpulan Cerkak Berbagai Tema


Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Cerkak tentang Prajurit TNI"

Back To Top