Cerkak : Tugelan Dasamuka

Banyumas, juli 1900.

“Rika melu ora, Min?”. Pitakonane sukiman ing saduwure kali serayu sing lagi asat.
“Melu mbog. Lha rika kepriwe?” Ngatimin mangsuli sinambi ngisep lintingan rokoke.
“Nyong padha bae. Ning kene terus ya arep  ngapak?”
“Iya kie, bebeh pisan. Dalan urip ya mung siji kuwek.”
“Sarman dijak pisan bae lah”
“Iya, ki.”
“Ayo diparani saiki sisan, mbog”.
“Ayo, ayo.”

Sukiman, ngatimin, lan Sarman iku minangka perangan kanoman sawijining desa ing Banyumas.  Para kanoman mau bakal di kontrak walanda dadi kuli ing perkebunan suriname, Amerika selatan. Padha pilih dadi kuli kontrak amarga kahanan ing jaman iku pancen bener-bener garing. Ing ngendi-endi parane mung keprungu swara tangis bocah amerga ngelih. Rega beras larang. Semana uga tanduran padha gagal panen. Bisa bathi sethithikk wae malah kanggo pajek kompeni. Para buruh utawa petani wis ora bisa nyangga
kabutuhan urip maneh. Ing babagan mangan ya mung sakanane. Bisa mangan pohung wae wis alqamdulillah. Yen kapeksane ora ana sing dipangan ya bonggol gedhang bisa dadi ganjele weteng.

Para mudha di janjeni dening kompeni. Dikontrak 3 taun lawase ing negara paman Sam kana, mengko uripe bakal mulya. Yen kontrakane wis rampung bakal nrima emas kang bisa digawa muleh. Emas kuwi mau bisa kanggo tuku sawah sepathok lan mesthine bisa kanggo nyukupi kabutuhan liyane. Nanging, lamise lambe, Emas kuwi mung kanggo mingin-mingini para mudha supaya nduweni greged anggone dadi kuli kontrak.
Mbah Suwito, sawijining sesepuh ing desa kono, wis ngendikan marang ragile, Sarman, supaya ora melu. Piyambake wis nduweni panemu sing ora kepenak.

“Penjajah kuwek wong maling, Masak patrape maling bakal mulyakake urip wong sakmono akehe. nyong ora percaya pisan.” Mangkono ngendikane Mbah Suwito marang ragile sing umure ngancik 16 tahun kuwi. Nanging Sarman tetep nekat bakal nglakoni urip telung tahun ing Suriname, kaya kanca-kanca liyane. Sarman tetep nekat, bakal minggat dhewe yen ora entuk lunga. Mbah suwito ya mung gedheg-gedheg ora bisa kumecap apa-apa. Piyambake nglenggana yen anake mau dudu bocah cilik maneh.  Kanthi kapeksa mbah Suwito menehi idin.

Sedurunge budhal saka ngomah, Mbah suwito mlebu menyang kamar suwung kanggo njipuk wayang Dasamuka. Mbah suwito nduweni kapitayan yen Dasamuka kuwi bener-bener nduweni ajian pancasona. Dasamuka mau banjur di pecok. Tugel dadi loro. Perangan sikil tekan weteng diwenehke Sarman. Perangan weteng tekan sirah disimpen maneh. Sarman banjur oncat saka ngomah tinuju trek kang bakal mlayu ing Tanjung Priok, Batavia.

Sawise sarman lan para kanoman liyane padha budhal, kahanan desa bali padha maune. Sing pagaweyane ing sawah padha macul sanadyan ora bisa nyukupi. Kang pagaweyane ing pasar padha bali bakulan maneh. Swara tangisan bocah-bocah isih ajeg keprungu. Semana uga para walanda, malah sansaya dhuwur anggone nariki pajek. Pajek sansaya nekak gulu. Para warga padha nglawan, nanging ora kuwawa merga kalah karo sing jenenge bedhil.

Telung taun wis kelakon mlaku, nanging para kanoman durung padha bali. Swara-swara padha pecah anggone ngrembug prekara Suriname. Sawijining warga nemoni kompeni ing desa kono kanggo nakokake kabar anake. Nanging, sawijining warga kuwi mau bali menyang ngomah mung gari jenenge. Jasade di tuncep peluru.

Para warga akeh sing padha nglawan, nanging pungkasane akeh sing dadi korban. Suwene suwe para warga ora ana sing wani nakokake prekara mau maneh. Kabeh meneng. Kahanan kang kaya mangkono mau terus mlaku tanpa kendhat bareng karo wektu sing ora leren anggone nggremet jaman. Mbah Suwito wis seda, Semana uga anake. Putu lan canggahe wis padha nyebar ing sangendi-endi paran. Kabeh wis padha nduweni kluwarga dhewe-dhewe.

Jaman wis owah gingsir. Saiki walanda wis ora njajah maneh. Kahanan nusantara wis mardika. Saiki, kabeh padha bebas anggone menehi panemu. Mung kadhang kala panemu kuwi mau akeh kang kebablasen.
Semono uga ing suriname. Kahanan uga wis genti. Sarman samesthine wae wis ora ana. Sing ana ya mung thukulane, putu lan canggahe.

Salah siji canggah mau jenenge . kerja ing sawijining lembaga bahasa Suriname. Bocah mau  kaget nalika di jaluki tulung nggenti kepala lembagane sing lagi gerah kanggo nekani sarasehan ing negara Indonesia. Surat mau diwaca. Sarasehan mau judhule “Konggres Basa Jawa kaping 6.” Mapan ing Surabaya. Kanthi bungah dheweke crita karo bapak lan ibune. Semono uga bapak lan ibune melu bungah.

Sadurunge mangkat, bapake menehi wungkusan kang isine ora liya yakuwi tugelan wayang Dasamuka. Tugelan wayang kuwi dadi sangune dek ... ing Indonesia, sanadyan sakjane dek... ora gelem. Dek.. wis mudheng crita babagan tugelan wayang mau kang wis kawarisan saka mbah buyut biyen. Dheweke nyadhar, ora bakal bisa nemokake tunggale tugelan wayang mau. Merga dheweke ngerti yen negara Indonesia kuwi wargane akeh banget. Njur kepriye cara nggolekine?

Nanging, kanggo ngredemke ati wong tuwane, dek ... kapeksa nyangking tugelan wayang sing pulasane wis ora nggenah mau.

Bareng karo kanca-kanca liyane kang dadi wakil saka suriname, dek... mabur tumuju Indonesia.
Ing Indonesia, dek ... rumangsa bali menyang ngomahe sanadyan ora ngerti ngendi sejatine omahe. Wandane kang njawani ora katon yen dheweke kuwi wong suriname.

 Ing panggonan konggres mau, ngarepe akeh bakul-bakul kang njereng dagangan. Pernak-pernik cinderamata akeh ing kono. Dek.. kesengsem barang kuwi mau. Emane sing bakul lagi wae teka lan durung rampung anggone tata-tata. dek... bakal bali maneh sawise konggres rampung jam 22.00 mengko. Banjur dek ... mlebu ing ruang pasemon konggres.

Bakul pernak-pernik kuwi mau tata-tata barang dagangane. Sawise rampung, banjur njipuk jimat pelarisane awujud tugelan wayang kang dibuntel mori. Wayang Dasamuka sing wis lethek paninggalan saka mbah buyute kuwi mau banjur dipajang ing tengah-tengah dagangan pernak-pernik.

Kutha surabaya, sansaya wengi sansaya nggedibrah mendhunge. Jerite bledhek-bledhek keprungu banter nalika konggres basa jawa  bubar. Apa maneh nalika dek.. mlaku tumuju dagangan pernak-pernik mau. Udan deres kang nggebyur kutha surabaya kairing swara bledhek-bledhek kang padha ora leren anggone saut-sautan.


Kembali ke Daftar isi Kumpulan Cerkak Berbagai Tema



Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Cerkak : Tugelan Dasamuka"

Back To Top