Cerkak : Jangan Kobis

“Yasinan, Yu?” Bengokke Ngatini banter saka ngarep omah.
Sauran malah teka saka mburine, “Rasah dicelukki, wong wis lali. “ Ngatini nyauri. Ora suwe krungu swara walesan saka jero omah.

“Ora sik, lha iki malah isih akeh gaweyan. Durung ngrajang janganan barang kamangka sesuk oleh pesenan.” Sarinah anggone nyauri malah tekan ngendi-ngendi.

Ngatini lan Parni ora nggagas tanggepan mau. Kepara mung grenang-greneng sinambi mlaku.
“Pancen donya wis njomplang. Biyen runtang-runtung yasinan, banjur wis laris anggone bakulan malah nglali.” Ngatini nggedumbel.

“Wah pancen og, Ni. Yen saiki donya wis mbalik. Untung wae Gusti iku welas asih, lha yen ora Sarinah apa njaluk bangkrut saknalika.” Semaure Parni ora wani ngalah.

Biyen sadurunge Sarinah duwe warung, dheweke sregep menyang pengajian lan sholat berjamaah ana mesjid. Ngetan-ngulon grombolane wong mejidan. Malah kelompok ibu-ibu mau ngedegake grup rebana barang. Sanajan unine gedebag-gedebug nanging wis padha marem atine bisa dadi artis ing dhuwur panggung, sanajan tingkat dhusun.

Nanging senenge mau ora imbang karo kahanan kang dilakoni. Ora kabeh kang ngambah mejid kuwi bisa tentrem kendhile, klebu sarinah. Bojone kang trima buruh macul ora bisa nyukupi anggone nguripi keluwargane. Gene ora, lha wong saiki lemah akeh kang digaringke. Ora oleh ditanduri. Embuh arep kanggo dungkrah apa?

“Apa aku nyoba bakul jangan ing wetan desa kana ya, Pak?” Panjalukke Sarinah marang bojone nalika semana.
“Kayane dalan kae saiki rame Pak. Malah akeh uga pendatang baru, para kang kerja bangunan malah kangelan golek mangan wektu rolasan. Saliyane kuwi saiki uga akeh perumahan kang mesthine wong-wong pengin kang praktis.” Bacute.

“Yawis yen panjalukanmu gono. Malah mengko yen wis laris aku uga bisa melu rewang-rewang. Ya suk legi pedhet mburi omah tak tuntune kanggo modhal.” Wangsulane bojone.

Bener, Sarinah sida ngedegake warung ing wetan desane. Pawarta iki dadi kembang lambe para ibu-ibu ing mejid. Saking guyub rukune, akeh kanca-kanca mejid kang tuku janganan lan lawuh ana warunge Sarinah. Semana uga para tukang lan laden bangunan, wektu rolasan akeh kang mantep njajan lan ngiras ing warunge. Kejaba murah, janganan ing warung kuwi mau uga pepak, dadi akeh kang nggandrungi. Warung katon regeng, rame, lan laris manis.

 “Oalah, wektu kanggo nggoreng wae kurang, apa maneh arep gladhen rebana. Sawetara aku prei sek ya yu, lha lagi repot nyiapake sesuk je.” Wangsulane Sarinah nalika diajak ibu-ibu rebana. Dadi wiwit larise anggone bakulan mau, sarinah wis ora nggape ajakane kanca-kancane mejid.

***

Pasar cedhak Bandara kuwi pancen ramene ing wayah sore lan bengi. Merga kanggo baku-bakul sayur lan bos-bos saka kutha kang mrono gawa mobil pik-up. Mobil-mobil mau padha jejer. Para petani sayur saka desa uga padha mrono nganggo motor lan bronjong jlentrek-jlentrek. Janganan, kayata, kangkung, bayem, ningkir, dhong pohung, kacang panjang, mbayung lan akeh liya-liyane kabeh smadya ana kono. Malah ana bronjong kang lagi teka banjur padha di grudug bos-bos sayur mau.

Parni pancen sengaja mandheg ing pasar kono mau. Karepe mung arep nempil tomat setengah kanggo nyambel gereh teri mengko bengi. Ora ngira, ing ramene  pasar mau dheweke nyawang sawijining pawongan kang katon akrab.

“Yu Sarinah.” Celukke Parni. Nanging Sarinah kayane ora krungu. Parni mung bisa mandeng sinambi milihi tomat.
“Kena ngapa Sarinah nganggo masker ing pasar. Apa lara ya? Kayane ya ora. Gek wingi nalika ketemu ing warunge ya biasa wae.”

Kerana penasaran lan pengin ngerti, saka mburi dhewekke ngetutke Sarinah. Ing kono Parni mandheg lan mung mlongo ngawasi kahanan.
Jebul Sarinah ngadhahi rosokan kubis, kulit kubis kang wis diklitheki bakule. Saumbruk kulit kubis mau padha rebutan anggone milihi, klebu Sarinah.

“Yu Sarinah ngasak kubis arep nggo apa? Rumangsaku ora open-open sato kewan kang pakanane sisa kubis? Apa aja-aja …” Pikirane Parni ngambah ing ngendi-endi.

***

“Yasinan, Ni?” bengoke Sarinah, telung sasi sawise kedadeyan kuwi.
“Iya..”
“Aku melu”
Kanca-kancane ya mung plonga-plongo karo  mesam-mesem dhewe-dhewe. Kahanan dadi kaya piye ngono.

“Rebabane piye? Jek mlaku?” Pitakone Sarinah ngisi sepi.
“Ya isih mlaku kaya biasanae. “ Wangsulane Ngatini.
“Aku pengin melu maneh oleh ora Ni?”
“Lha bakulanmu mengko piye?” Parni melu payu.
“Bakulanku prei dhisik.” Wangsulane singkat.

Parni, Ngatini lan kanca-kanca liyane padha mlengos dhewe-dhewe.
Sarinah ora tau mikir yen anggone bakulan dadi ora payu merga kabar kubise sisa pasar. Sesasi sawise Parni mangerteni kahanan mau, warunge Sarinah saya suwe dadi sepi nyenyet. Akeh kang padha jijik yen tuku janganan menyang warunge.

Ah… mbok menawa bakul Jawa kuwi akeh kang padha. Saya laris mesthi dikurangi bumbu utawa bahane kanggo ngirit lan nambah bathine.


Kembali ke Daftar isi Kumpulan Cerkak Berbagai Tema



Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Cerkak : Jangan Kobis"

Back To Top