Cerkak Pendidikan : Jangkahku Isih Adoh

“Karcis, Mbak.” Swara kernet mecahke kahanan anggonku ngalamun. Tangan tengen banjur grayak-grayak kanthongan. Tanpa kumecap, karcis bis jurusan Semarang-Solo dak elungake.

Swara kemruyek para bakul wiwit nguthik-nguthik kuping. Nanging nalika bis mancal maneh, siji mbaka siji swara mau amblas, ilang. Jaket dak kencengake, ngepasi lungguh ing ngisor AC ndadekake hawa adhem. Ketambahan maneh kahanan ing njaba bis dak sawang wiwit tletik. Atiku bali kumesar maneh kaya maune. Numpak bis iki niyatku mung siji, aku kepengin mampir sekolahku biyen, sawijining SMK swasta ing laladan Wonogiri. Nanging luwih saka telung semester iki, aku ninggalake. Ora kerana lulus, nanging aku wis dianggep siswa kang ora bisa nggujengi paugeran sekolah.

Ing sekolah kana biyene, kasimpen pirang-pirang rekaman padinanku. Seneng lan bungah merga saben esuk ketemu kanca-kanca. Melu Bantara, ngrasakake Persami, kemah lan kagiyatan ekstrakurikuler liyane ndadekake atiku bungah. Nanging kabeh mau saiki mung gari crita. Crita kang ajeg njendhel ana ing pikiranku, tekan seprene. Kabeh mau kapunggel nalika aku kadakwa telat telung sasi.

Roni, kakak kelasku SMP ngejak dolan menyang Tawangmangu. Tanpa rasa curiga aku nuruti panjalukke, merga kepetung kanca akrab.

“Dhek, kesel. Leren sek, ya.” Kocape nalika semana. Aku dijujugna menyang pomahan, lan sabanjure ora kelingan apa-apa maneh. Wiwit kedadeyan mau, aku karo Roni kaya dhene cangkir lan kopi. Njangkepi siji lan sijine. Atiku ambruk ana ing tresnane Roni. Aku kadhapuk dadi pacangane. Nanging durung suwe anggone aku nyecep manise woh katresnan, aku kudu pisah karo Roni. Ora amerga aku wis ora seneng, nanging tumindakke Roni sansaya kebablasan. Apa maneh dak sawang Roni kerep nggoncengke wong wadon liya. Atiku sing maune bungah, saknalika remuk.

Aku ora kepengin masa depanku ambruk gara-gara mung mburu lanangan. Aku sadhar yen tumindakku mau menggok saka paugeran. Aku sengaja ngadohi Roni. Dina-dina dak lakoni kanthi saklumrahe. Sinau, Sekolah, ngewangi wong tuwa lan uga ajeg melu anggota Bantara maneh.

Ing organisasi Pramuka iki, aku dipercaya dadi ketua Bantarine, merga jarene kanca-kanca lan pembina, aku kapetung siswa aktif.
“Dhik Laras, kaprigelan pramuka dhasar sing durung kok kuwasani gek ndang digladhi. Yen durung bisa takon pembina.” Ucape Pak Topan, pembina pramuka ing sekolahku kang banget asihe marang anggotane.
Krungu pangandikan Pak Topan mau aku mung mesem, banjur nyela. “Nggih, Pak.  kula menika nggih taksih latihan. Dereng saged nguwasani sedaya.”

“Ngene, Dhik. Dak sawang sliramu sregep anggone melu pramuka, lan bisa dadi patuladhan. Nyatane ing semester genep iki kowe bisa dadi ketua Bantari kang becik. Kanca-kanca uga seneng marang kapimpinanmu.”

Aku bali njegeges maneh,”Ah... Pak Topan. Nyuwun dongane mawon mugi-mugi kaprigelan kula seged nambah. Lha wonten napa, Pak? Kok kagungan panemu mekaten?” Pitakonku.

“Ngene, Nduk. Sedhela maneh kowe lan kanca-kancamu bakal munggah ing kelas loro. Lha ing kelas loro mengko bakal ana pelantikan Dewan Ambalan(DA). Nglantik DA putra lan putri. Karepku kang dadi ketua DA putri mengko kowe.”

Atiku rada kaget, “Ahh. Pak Topan. Ampun kula, ta. Gantosan sanesipun mawon.” Aku nyoba nolak panjalukke kanggo kembang lambe. Nanging Ing jero ati rasane seneng banget bisa kadhapuk dadi ketua DA.

Nanging, sawijining dina nalika arep mangkat sekolah, sirahku rasane mumet, wetengku muneg ora karuan. Aku muntah-muntah, sega lan lawuh sing dak pangan mau bengi padha metu sanajan mung sethithik. Ibuku mara, guluku banjur dipijeti.

“Masuk angin kowe, Nduk.” Ature.
Aku isih menggeh-menggeh sinambi ngidhukke sirahku ing ngisor manci.
“Jan..janipun.. gek dalu bo..bo..ten napa-napa, Bu.” Wangsulanku rada keselak.
Sabanjure aku digawa menyang dokter sacedhake desaku. Aku mung meneng nalika dipriksa Bu dhokter. Saemba kagete simbokku, nalika dhokter kang nyekel alat cilik dawa kang jebule tespek, alat kanggo mriksa kehamilan ndakwa aku, yen aku lagi ngandhut jabang bayi.

Embuh apa kang dirasakake simbok, sawise mangerteni kahananku malah nggeblak saka kursine. Semaput.
Pungkasane gelem ora gelem aku kudu rabi. Nanging kuwi ya mung kanggo patut-patut, nutupi wirange wong tuwa. Kanyata tenan, sabanjure pahargyan aku lan Mas Roni pisah ranjang. Embuh tekan kapan?
Wektu lumaku cepet banget, ora krasa aku wis nglairake jabang bayi. Siji kang ora bisa dak lalekake. Nalika bubar sepasaran bayi, dumadakkan simbokku ngandhani jare ana guru lan kanca-kancaku kang mara. Atiku bener-bener kesendhal.

Bener, Pak Topan lan kanca-kanca pramuka padha mara. Embuh kerana apa aku ora kuwawa nyawang praupane Pak Topan. Luh mripatku padha metu mbrubul. Bayi kang lagi dak gendhong dijaluk simbokku. Saknalika aku ndeprok ing ngenggon, nangis ngguguk.
Lengenku diangkat Pak Topan, aku malah nubruk sikile.

“Nga..nga..punten.. Paaak..” Dak peksa swaraku metu sanajan karo mingseg-mingseg.
“Wis.. Ora papa, Dhik Laras.” Wangsulane pak Topan. aku rumangsa banget yen wis mblenjangi janjine.
“Kabeh mau wis dadi garise Gusti. Yen kedadeyan iki dadi pacoban marang kowe. Mbok menawa kanthi pacoban iki kowe bisa njipuk hikmahe.” Bacute.

Aku isih nangis, tanganku uga isih nggeget-nggeget ing sikile Pak Topan. Kanca-kanca padha nyoba weneh panglipur.

“Dhik Laras.. Jangkahmu isih amba, isih dawa, lan isih adoh. Isih akeh kawruh kang durung kok mangerteni. Tetepna langkahmu, Nduk. Tandhangana kabeh pacoban mau,  lan aja lali nyuwun marang Gusti muga pacoban iki enggal rampung.” Pituture Pak Topan kang gawe awakku sansaya ndrodhog.

Mula kanthi pesene Pak Topan mau, aku nyoba nglipur awakku dhewe. Kersane Gusti, tekan anakku wis bisa dak tinggal, aku ditawani kerja ing Semarang. Aku manut lan dak lakoni kerja sak kerja-kerjane. Kang wigati bisa kanggo nambah beaya uripe anakku lan mbudidaya nglalekake lelakon kang wis kepungkur.

Ndilalah wae aku duweni mandor kang luhur tumindake. Merga ngerti mandheg sekolah, aku ditawani sekolah kejar paket C, satingkat SMA/SMK. Aku bisa langsung ing kelas 11 merga biyen wis nate sekolah ing kelas 10. Nanging syarate aku kudu duwe biji raport ing kelas 10. Mula dak wanek-wanekke aku mara ing SMK-ku biyen. Aku bakal kepethuk kanca-kanca lan guruku. Rasane isin nganggo banget.

Nanging mung siji kang ana ing pikiranku,”Jangkahku isih amba, dawa lan adoh.” Kaya kang dingendikakake dening Pak Topan nalika semana. Ora bakal dak punggel mung gara-gara rasa isin mau. Aku kudu teteg.


Kembali ke Daftar isi Kumpulan Cerkak Berbagai Tema




Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Cerkak Pendidikan : Jangkahku Isih Adoh"

Back To Top