Layang Tresna Umbul

Pedhut wiwit garing. Godhong-godhong ijo padha ngawe-awe digoyang angin. Kembang-kembang mekrok endah gawe bungahing ati kang ngingeti. Srengenge katon mesem ngangetake raga saben pawongan. Mbarengi prei semesteran, bocah-bocah dolanan gambar umbul ing ngarep cakruk, wetan omahe Priyo. kahanan katon tentrem, demes, lan sumringah. 

Nanging endahe esuk mau isih kalah karo rasa kang ditandhang Priyo. Ing njero omah, praupane mesam-mesem sinambi nglakokake bolpen kanggo ngronce geguritan lan ukara tresna.
“Dhuwure tugu Eifel, apa maneh Tugu Lilin, isih dhuwur tresnaku marang sliramu lho, Dhik.” Mangkono prathelan layang tresna mau.

Ora maido, Menawa pawongan lagi nandhang katresnan kuwi mesthi kebak kembang jroning dhadha, kaya tembange Didi Kempot. Semana uga Priyo, nalika lungguh jejer Dhik Sa pacare. Wektu kuwi kaloron kang wis ketuncep panahe Dewi Amor padha lungguh sangisore wit waru pinggir kali. 

“Gethek, gethek. Pundi wonten gethek, Dhik Sa?” Pitakonane Priyo karo plingak-plinguk. 
“Badhe kangge menapa ta gethek, kangmas Priyo Asmoro?” Semaure dhik Sa semu bingung. 
“Gethek, gethek. Badhe kula tumpaki lelabuh ing samodra tresnane sampeyan, Dhik Sa.” 
“Aaah, kangmas Priyo Asmoro wonten-wonten mawon lho.” Karo njiwit tangane Priyo. Sing dijiwit merem melek.

Guneman ora mandheg semono, nanging Priyo sansaya nrocos anggone neruske tembung-tembung gombal mau.
“Dhik, Sa?”
“Dalem kangmas Priyo Asmoro.” Semaure pacare priyo aleman. 
“Cita-citane sampeyan pengin dados koki nggih, Dhik?”
“Lho, kok kangmas Priyo Asmoro mangertos?” 

“Nggih mangertos no dhek,.. lha sampeyan sampun nggodhog ati kula nganti lonyoh.” 
“Aaah... kangmas Priyo Asmoroo... wasis sanget menawi ndamel ukara kados mekaten.”
Saiki Dhik Sa ganti njiwit pupune genti, banjur ambruk ing dhadhane. Sing dijiwit lan diambruki ora trima merem melek, nanging kenceng kendho... Jantunge. 

Sawetara Priyo meneng sedhela, ngrasakake dhadhane kang sansaya jedhag-jedhug. 
“Dhik, Sa?” Priyo mbacutake umukke.
“Dalem kangmas Priyo Asmoro.”
“Yen awake dhewe lagi lungguh ngene iki, kangmas kelingan jaman semana.”
“Kelingan menapa kangmas, dalem mbok dicritani.”
“Menapa sampun boten kemutan ta, Dhik? Nalika semana, awake dhewe mlaku bareng kodanan, banjur tanganku nggujengi papah godhong gedhang kanggo payungan.  Awakke dhewe teles kebes lho.”

 “Mak byuurr...” Dumadakan sirahe Priyo teles kaya kegrujug banyu udan. Kahanan dadi piye ngono. Priyo katon bingung. 
“lho, kok klambiku melu kebroh kabeh ya?” Pitakone Priyo sinambi noleh menyang mburi. Banjur mak cep. Lambene mencep kaya dibingkem, ora bisa obah. “Badalaah.. yahmene kok Cangikke wis njedhul, kamangka lagi wae wiwit lakon Janaka gandrung.” Batine Priyo.

Wanita kang isih nggujengi cidhuk mau praupane katon abang. Kayane bakal muntab.
“Lanangan ora pokro. Wis bedhug brandhang jek ngalamun mesam-mesem dhewe kaya wong edan.” Swara wanita kang jebule bojone Priyo mau katon sora ndadekake Priyo kewirangan.
“Wong wadon ketiplakkan direwangi esuk mruput melu tandur, kanggo ngenakake butuh malah sing lanang mung ndhekem ning ngomah. Tobaat.. tobaat.. jenang babat campur kawat.” bojone Priyo ngomyang tanpa mandheg. 

Dluwang tulisane Priyo kang sumeleh ing meja banjur dijupuk, diingeti, lan diwaca. Priyo sing kat mau nggeblas metu tanpa cancut taliwanda ora diparelu. Ngatini, bojone Priyo sabanjure nglodhangake awake metu saka ngomah. Disawang Priyo lan becake wis mlayu banter tekan kulon mesjid. Arepa ngoyak ora ana gunane. Drijine Ngatini, nudhing-nudhing Priyo karo ndremimil.

“Ooo.. lhaa.. Jebul tenan omongane tangga teparo, kowe bener-bener ndhemeni randha Sagiyem bakul soto ya, Mas.” Mripate Ngatini abang meh mbrebes. 
“Kowe tegel tenan marang aku, Mas. Huks..huks.. Wis, wiwit saiki rasah bali mulih sisan sakjekke. Aku lila, Mas. Huks..huks..”Luh kang wis kembeng-kembeng banjur wutah nggrujug donya. 

Layang tresnane Priyo kang isih dicekel banjur disuwek-suwek, disebarke menyang dalan. Wuuurrr... Dumadakan sawijining bocah ing cakruk sawetane omahe Priyo mbengok, “sebaran gambaaarr...” Bocah-bocah padha plingak-plinguk banjur mlayu dhisik-dhisikan kemruyuk rayahan suwekan dluwang mau, dikirane sebaran gambar umbul. Ngatini mangkel campur ngguyu nyawang kahanan kang mangkene.


Kembali ke Daftar isi Kumpulan Cerkak Berbagai Tema






Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Layang Tresna Umbul"

Back To Top