Latihan Soal + Kunci Jawaban B. Jawa SD Kelas 2/2 (Kompetensi 4)


B.   Wenehana tandha ping (x) ing aksara a, b, utawa c, kang kokanggep bener!

1.    Din omahmu ana ... ?
a.    ngendi
b.    apa
c.    sapa
Wangsulan: a.      

2.    Padhang bulan padhange kaya ... .
a.    sore
b.    kunang
c.    rina
Wangsulan: c.    

3.    Gunane gotong royong yaiku .…
a.    gawean ora cepet rampung
b.    gawean tambah abot
c.    gawean tambah entheng
Wangsulan: c.      

4.    Gotong royong uga diarani .…
a.    gugur gunung
b.    rame-rame
c.    tumpeng rubuh
Wangsulan: a. 

5.    Tuladha kegiatan ing omah yaiku .…
a.    ngresiki papan tulis
b.    masang gendera
c.    ngumbah klambi
Wangsulan: c. 

6.    Saben esuk…kanggo njaga kasarasan.
a.    mlaku-mlaku
b.    mlayu-mlayu
c.    turu
Wangsulan: a. 

7.    Aku piranti kesehatan. Wujudku dawa ana bendholane. Nganggone dicanthelake ing kuping. Aku digunakake kanggo mriksa detak jantung. Aku ….
a.    suntikan
b.    stetoskop
c.    teleskop
Wangsulan: b. 

8.    Yen mlaku becike ana dalan sisih ….
a.    tengen
b.    tengah
c.    kiwa
Wangsulan: c. 

9.    Mlaku-mlaku akeh kancane.
       Kosok baline tembung akeh yaiku ….
a.    sithik
b.    lumayan
c.    mberuh
Wangsulan: a. 

10.  Kanggo njaga raga supaya sehat kudu asring .…
a.    mangan
b.    olahraga
c.    turu
Wangsulan: b. 

11.  Aku digawe saka beling. Wangunku bunder dawa. Aku digunakake kanggo piranti ngombe. Aku .…
a.    sendok
b.    piring
c.    gelas      
Wangsulan: c. 

12.  Aku digawe saka wesi. Wujudku tipis. Aku piranti pawon. Aku digunakake kanggo ngiris utawa ngrajang. Aku .…
a.    lading
b.    telenan
c.    garpu
Wangsulan: a. 

13. ... ingkang rawuh ngriki?
a.    pinten
b.    sinten
c.    pundi    
Wangsulan: b

14.       Aku maca buku
            Bapak ... koran.
a.    ningali
b.    mirsani
c.    maos
Wangsulan: c

15.       Simbah ...  suruh
a.    mundhut
b.    tumbas
c.    tuku      
Wangsulan: a.

II. Wacanen kanthi premati banjur wangsulana pitakonane!

Mlaku Esuk

Saben esuk Raihan karo ibu mlaku-mlaku.
Mlaku-mlaku esuk iku bisa kanggo njaga kasarasane badan.
Raihan biyasane mlaku kurang luwih rong kilo.
Bubar mlaku-mlaku Raihan leren terus sarapan
Sawise kringete atus banjur adus.
Terus mangkat sekolah.
Kegiyatan mlaku esuk iku tansah taklakoni saben dina supaya awak waras lan sehat.

Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki adhedhasar wacan ing dhuwur!
1.    Kapan yen mlaku-mlaku?
       Wangsulan: Ing wayah esuk.  

2.    Sapa sing mlaku-mlaku esuk?
       Wangsulan: Raihan lan ibune.

3.    Kanggo apa mlaku esuk?
       Wangsulan: Kanggo njaga kasarasane badan.

4.    Pirang kilo adohe mlaku esuk Raihan karo ibune?
       Wangsulan: Kurang luwih rong kilo.

5.    Karo sapa Raihan mlaku esuk?
       Wangsulan: Karo ibune.

III. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor kanthi bener!
1.    Mlaku-mlaku wayah esuk hawane isih ....
Wangsulan:seger 

2.    Piranti kanggo ngombe yaiku ....
Wangsulan:gelas 

3.    Mlaku-mlaku becike ana dalan sisih ....    
Wangsulan:kiwa 

4.    Piranti elektronika kanggo ngrungokake pawarta yaiku ....
Wangsulan:televisi/radhio 

5.    Bocah sing sregep sinau bakal ....      
Wangsulan:pinter 

6.    Piranti kanggo ngedhuk lemah yaiku ....  
Wangsulan:sekop

7.    Tuladha kegiyatan siswa nalika wengi ing omah yaiku .... 
Wangsulan:sinau

8.    Yen awake dhewe ditulungi kudu ngaturne ....    
Wangsulan:matur nuwun

9.    Tuladha kegiyatan ing sekolah yaiku ....
Wangsulan:upacara, pramuka, lsp. 

10.  Simbah gerah waja. Tembung ngokone waja yaiku ....
Wangsulan:untu

IV. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!
1.    Aranana tuladha kegiyatan ing omah 5 wae!
Wangsulan:
Nyapu, sinau, isah-isah, dolanan, umbah-umbah.

2.    Gawea pitakonan nganggo tembung pitakon “pira” lan “sapa”!
Wangsulan:
Pira regane jam kuwi?
Sapa sing ngeterne simbah?
(Kreativitas siswa)

3.    Sebutna kegiyatanmu ing sekolah 3 wae!
Wangsulan:
nyapu kelas, sinau, upacara, pramuka, olahraga, lsp.

4.    Sebutna tuladha kegiyatane warga desa 3 wae!
Wangsulan:
gotong royong mbangun kreteg, arisan, bersih desa, lsp.

5.    Kenangapa manungsa kudu olah raga?
Wangsulan:
Supaya awake sehat lan waras, ora lara-laranen.






Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Latihan Soal + Kunci Jawaban B. Jawa SD Kelas 2/2 (Kompetensi 4)"

Back To Top