Standar Kompetensi
1. Mendengarkan
Mampu mendengarkan dan memahami wacana lisan melalui pembacaan teks cerita rakyat dan tembang macapat
2. Berbicara
Mampu mengungkapkan pendapat dan perasaan secara lisan, mendheskripsikan benda dan menanggapi persoalan actual sesuai dengan unggah-ungguh.
3. Membaca
Mampu membaca dan memahami teks cerita anak, membaca indah dan membaca huruf Jawa
4. Menulis
Mampu menulis laporan sederhana dalam ragam bahasa Jawa tertentu dan menulis huruf Jawa
Kompetensi Dasar
1.1 Mendengar cerita rakyat
2.1 Menanggapi persoalan faktual menggunakan ragam bahasa yang santun
3.3 Membaca kalimat sederhana berhuruf Jawa yang menggunakan pasangan
4.1 Menulis laporan sederhana hasil pelaksanaan tugas
A.Nyemak : Cerita Rawa Pening
Wacanen kanthi pratitis!
Rawa Pening
Kacarita ing Desa Banarawa, duwe adat nganakake memetri desa saben taun, yaiku nganakake slametan supaya wong ing desa kono padha slamet. Kanggo memetri desa iku ana syarate, yaiku daging kewan. Wong-wong ing Desa Banarawa padha menyang alas arep golek daging kewan. Anehe wis meh sedina muput, wong-wong mau durung oleh kewan siji-sijia. Ki Juru Mathokan, lurahe Desa Banarawa ngajak wong-wong padha leren dhisik.
Wong-wong iku banjur padha ngaso. Sajerone ngaso iku ana wong sing lungguh ana ndhuwure wit kang ambruk. Gamane arupa peso ditancepake ana wit kang dilungguhi. Wong mau kaget banget amarga saka wit kang ditancepi peso, metu banyune abang. Dheweke bengok-bengok. Kanca-kancane padha krungu, nuli nyedhaki. Wong-wong mau nuli nyedhaki. Wong-wong mau kepengin weruh asale banyu abang mau. Jebul banyu abang mau getih ula. Ula banjur dipateni, daginge digawa mulih. Daging ula iku sing arep kanggo syarate memetri desa.
Nalika semana, ana bocah bajang. Bocah bajang mau sejatine membane ula, yaiku ula Baru Klinthing. Weruh yen daginge ula wis mateng, bocah bajang marani omahe Ki Juru Mathokan.
“Kula nuwun,” pitakone Bocah Bajang.
“Mangga, sapa kowe,” jawabe Ki Juru Mathokan.
“Kula Baru Klinthing. Kula badhe nyuwun daging sawer!” kandhane Bocah Bajang.
“Kowe ora melu rekasa arep njaluk daging? Sing rekasa wae durung ngrasakake. Kana lunga!” Jawabe Ki Mathokan.
Si Bajang tekan omahe Mbok Randha. Mbok Randha uripe rekasa. Senajan uripe rekasa Mbok Randha iku luhur budine. Dheweke seneng tetulung marang sapa bae. Mula tekane si Bajang ditampa kanthi becik. Bocah Bajang diwenehi sega lan daging iwak ula. Sawise mangan bocah mau pamitan marang Mbok Randha.
“Mbok saestu kula nyuwun pamit. Kula gadhah weling sekedhik. Mangke badhe wonten bena bandhang. Mila simbok nyawisna lesung. Mangke simbok nitih lesung. Mugi tansah manggih wilujeng.” pesene Baru Klinthing.
Baru Klinthing lunga menyang omahe Ki Juru Mathokan . Ing kana dheweke nganakake sayembara, nancepake sada lanang ing latar. Baru Klinthing banjur nantang bocah-bocah ing kana. Bocah-bocah padha nyoba mbedhol, nanging ora ana sing kuwat. Wong-wong tuwa padha teka. Kabeh nyoba siji-siji, nanging uga ora ana sing kuwat. Ki Juru Mathokan uga melu nyoba mbedhol sada lanang. Sada lanang tetep ora bisa dibedhol.
Gandheng ora ana sing kuwat, Baru Klinthing mbedhol sada lanang mau. Sada lanang klakon kebedhol. Sanalika tilas tancepane sada lanang kono metu banyune. Banyu saya gedhe dadi banjir bandhang. Wong-wong ing Banarawa padha mati klelep. Nyai Randha kelingan pesene Baru Klinthing supaya numpak lesung.
Banarawa dadi rawa kang aran Rawa Pening, dununge ana ing Ambarawa.
Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis!
1. Apa sayembara sing dianakake Baru Klinthing?
Wangsulan:
mbedhol sada lanang kang ditancepake ana ing latar
2. Ing ngendi dununge Rawa Pening iku?
Wangsulan:
Ambarawa
3. Kena apa wong-wong ing Desa Banarawa padha golek daging kewan menyang alas?
Wangsulan:
arep dienggo memetri desa saben atun utawa nganakake slametan
4. Nalika padha ngaso ana wong sing kaget terus bengok-bengok, ngapa?
Wangsulan:
amarga wit sing mau ditancepi lan dilungguhi metu getihe
5. Apa welinge Baru Klinthing marang Mbok Randha?
Wangsulan:
dikon nyawisake lesung
B. Maca : Menehi Tanggapan Faktual
Menehi Tanggapan Masalah Faktual
Menehi tanggapan iku isa awujud kritik, saran, usulan, utawa tandhesan. Menehi tanggapan kudu nganggo basa kang sopan, ora kena saru, ora kena ngenani liyan utawa nyinggung liyan. Supaya tanggapan iku bener-bener mupangati marang kabeh.
Tuladha:
Adat perkawinan ing Karaton Ngayogyakarta Hadiningrat kang wektu iki bakal ditindaki GRAy. Nur Astuti Wijareni minangka putra ragil saka Sultan HB X, bakal dhaup antuk Priyayi Lampung Utara, kang wektu iki makarya ing lingkungan Sekneg. Sakbubare nindaki lamaran, wektu iki wus kepareng winisudha, mapan ing Gadri Pendhapa Dalem Kasatrian. Tahapan-tahapan pernikahan mau kanthi cetha, diandharake GBPH. H. Joyo Kusumo marang PS, mapan ing Dalem Pendhapa Karaton Kilen.
Tanggapan:
Menawa ditakonke marang wong-wong, mesthi ana aneka warna tanggapan contone:
1. “Muga-muga dadia pasangan kang rukun nganti kaken-kaken ninen-ninen.”
2. “Nek nikahan mbok ya aja nganti nggawe dalan-dalan semrawut.”
3. “Yen isa mbok disiarne langsung ing TV, dadi aku ora sah ndeleng neng kraton.”
4. “Nikahan iku kaya dene dadi pesta nikahane wong sak Jogja.”
Tugas mandhiri
Gawea tanggapan cacah 5 kanggo nanggapi ukara sing kojupuk saka wacan Ruwatan Rambut Gimbal ing ngisor banjur wacanen kanthi lisan ana ngarep kelas!
1. Ukara :_______________________________________________________________
Tanggapan :_______________________________________________________________
2 . Ukara :_______________________________________________________________
Tanggapan :_______________________________________________________________
3. Ukara :_______________________________________________________________
Tanggapan :_______________________________________________________________
4. Ukara :_______________________________________________________________
Tanggapan: _______________________________________________________________
Garapan
Wacanen pawarta ing ngisor iki kanthi premati banjur gaweya tanggapane!
Ruwatan Rambut Gimbal
Dina kuwi ewon cacahe wong saka sawetara tlatah ing Jawa Tengah kaya-kaya tumpleg bleg ngebaki kompleks Candhi Arjuna, Desa Dieng Kulon, Kecamatan Batur, Kabupaten Banjarnegara, Jawa Tengah. Ewonan wong mau kepengin nyekseni ruwatan cukur rambut gimbal kang digelar ing pungkasaning adicara “Dieng Culture Festival 2011” . Pesertane ana bocah 7, luwih sethithik manawa kabandhingake karo peserta ruwatan cukur rambut gimbal taun 2010, sing gunggunge nganti bocah 8. Iku laras karo saya sethithike gunggunge bocah rambut gimbal ing tlatah Dieng. Senadyan mangkono acarane ora kalah meriah, malah bisa diarani luwih nges. Sebab pengunjunge uga luwih akeh yen dibandhingake karo taun-taun sadurunge.
Prosesi rituale cukup dawa lan suwe. Ritual dipurwakani sedina sadurunge rambut dicukur, yaiku kanthi nyekar ana ing pesarean kang dumunung ana ing sakiwa tengene Candhi Arjuna lan Candhi Semar. Anggone nyekar ditindakake kanthi rombongan kang dipandhegani dening Pemangku Adat Dieng Mbah Naryono. Siji mbaka siji pesarean kang ana ing wewengkon kompleks Candhi Arjuna lan Candhi Semar ditekani, diziarahi. Ora mung kuwi, rombongane Mbah Naryono iku uga nekani papan-papan liya sing dianggep keramat wiwit saka Sendhang Maerakaca, Telaga Balekambang nganti tekan Kawah Candradimuka. Lagi ing dina H-ne, para peserta diarak 1 kilometer dohe, wiwit saka omahe pemangku adat tumuju Candhi Arjuna.
Ananging sadurunge tekan candhi, luwih dhisik peserta diampirake ing sapinggire Sendhang Maerakaca lan Sendhang Sedayu. Ing kene para peserta ruwatan didusi banyu tuk pitu kang dumadi saka banyu tuk Sendhang Maerakaca, Bima Lukar, Buana, Kencen, Sedayu lan liya-liyane. Ana uga wong kang nyebut ritual adus banyu tuk pitu kasebut kanthi sebutan adus jamasan. Ora baen-baen, adus banyu tuk pitu iku nduweni pangerten jero, yaiku dijupuk saka tembung pitu sing diartekake minangka pituduh. Pituduh saka kang Maha Kuwasa.
Ya sapungkure adus banyu tuk pitu kuwi, para peserta banjur diarak tumuju Candhi Arjuna kanggo nyukur rambut gimbale. Anggone nyukur dipapanake ana ing tlundhakan sangarepe lawang candhi. Sawise iku, diadani kembul bojana andrawina, dhahar sakabehing uba rampe kang wis dicepakake ing papan kono. Prosesi ditutup kanthi nglarung cukuran rambut gimbal mau ing Tlaga Warna.
Wangsulan pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis adhedhasar wacan ing dhuwur!
1. Apa kang dirembug ana ing wacan iku?
Wangsulan:
ruwatan rambut gimbal
2. Kapan acara iku dianakake lan ana ing ngendi?
Wangsulan:
komplek candhi arjuna, desa dieng kulon, kecamatan batur, kabupaten banjarnegara taun 2011
3. Kepiye ritual pambukane?
Wangsulan:
nyekar ana ing pasareyan kang dumunung ing sakiwa tengene Candhi arjuna lan Candhi semar.
4. Adus banyu tuk pitu iku ngandhut pangerten kepiye!
Wangsulan:
supaya oleh pitiduh saka kang maha kuwasa
5. Apa sing diarani “kembul bujana andrawina”?
Wangsulan:
dhahar sakebehing uba rampe kang wis dicepakake ing papan kono.
C. Maca : Maca Tulisan Jawa
Maca Tulisan Jawa Migunakake Pasangan
1. Sandhangan wyanjana iku gunane meh padha karo pasangan. Cakra lan Keret meh padha gunane karo pasangan Ra dene pengkal meh padha gunane karo pasangan Ya. Bedane sandhangan wyanjana iku digunakake ana ing satembung dene pasangan Ra lan Ya digunakake ana ing tembung kang misah. Tuladha:
v Pak Raden tulisan Jawane pkR[fn\ menawa ditulis pk][fn\ macane dadi pakraden
v Pak Resa iku tulisan Jawane pk>s menawa ditulis pk}s macane dadi pakresa
v Pak Yadi iku tulisan Jawane pkYfi menawa ditulis pk-fi macane dadi pakyadi
2. Na mati ketemu Ca utawa Ja manawa ana ing satembung aksara Na sing dipangku pasangan Ca utawa Ja owah dadi aksara Nya amarga swarane mesthi malih dadi -ny-, tuladha:
v Kacang lanjaran iku swarane kacang laNYjaran ora kacang laN jaran, mula nulise
kc=lvJrn\ ora ditulis kc=lnJr\
v Banci nakal iku swarane baNYci nakal ora baN cinakal, mula nulise bvCinkl\ ora
ditulis bnCinkl\
Garapan
Tulisan Jawa ing ngisor iki tirunen ana buku banjur tulisen aksara latine lan ngacunga marang gurumu supaya asilmu bisa kok wacakake ing ngarep kelas!
?bvCkKnR[mr[mk[rokvCbvJ|/xsik>si[kHomh[zw=zimBkY|
sulis\ yY y snPnTiasuhan abF|lRhmn.
Wangsulan:
bancakan rame-rame karo kanca banjur resik-resik omah ngewangi mbakyu Sulis. Yayasan panti asuhan abdulrahman.
Garapan
Tembung-tembung ing ngisor iki tulisen nganggo aksara Jawa!
1. Dalan remuk :__________________
Wangsulan :
d lnRe muk\
2. Kanca mancing :__________________
Wangsulan :
kvC mnV ci=
3. Manjing wrangka :_____
Wangsulan :
mvJi= w]= k
4. Pancaran jaya :__________________
Wangsulan :
pvCrvJy
5. Ngancing lawang :_____
Wangsulan :
zvCi= l w=
D. Nulis : Nulis Laporan
1. Nulis Laporan Kedadean uga Tanggapane
Laporan Kedadean
Kacilakan ing Wektu Olahraga
Sing nglaporake : Raihan Aji
Jenis Kedadean : Kacilakan
Dina, tanggal : 27 Maret 2012
Wektu : Watara jam 8.00 esuk.
Papapn Kedadean : Lapangan olahraga SD N 1 Wirogunan
Kedadean :
Esuk iku kelas lima ana wulangan olahraga. Kabeh wis siap nganggo kaos kostem saka ngomah. Kostem warna biru lan kathok coklat iku dadi cirine SD N 1 Wirogunan. Esuk iku wulangane olahraga babagan lompat jauh. Sadurunge diwiwiti, Pak Ibnu guru olahraga SD N 1 Wirogunan mimpin pemanasan marang bocah kelas 5. Kabeh padha manut lan nirokake sing dicontohake dening Pak Guru. Sakbubare pemanasan watara sepuluh menit, murid-murid kelas lima pada jejer antri nyoba bak lompat. Dene murid lanang gantian maculi pasir supaya ora madhet. Amarga yen pasire madhet, menawa dienggo mlumpat marai sakit. Mulane bocah lanang didhawuhi Pak Guru maculi yen pasire wis dirasa madhet.
Siji mbaka siji bocah-bocah nyoba mlumpat sak adoh-adohe. Bareng wis kira-kira limolas menit, Pak Guru ngabsen siji mbaka siji supaya mlumpat lan diukur sepira adohe anggone mlumpat. Nomer absen siji didangu pak guru. Andi kang nomer absen siji banjur mlayu lan mlumpat sak adoh-adohe. Grimis wiwit teka nalika Pak Guru nimbali siji mbaka siji muride. Bareng tekan giliran nomer nembelas. Pak Guru nimbali Topan Satrio Aji. Topan Satrio Aji mlayu sak bantere saka papan awalan. Bareng wis tekan papan tumpuan, Topan arep mlumpat ning malah mleset amarga lunyu kena gerimis udan. Topan niba saknalika lan dhengkule natap lingir bak lompat iku. Dhengkule Topan godres getih. Sanalika banjur Pak Guru nulungi Topan. Murid-murid padha ngewangi aweh pitulungan marang Topan. Andi banjur njupukne obat merah menyang UKS. Akhire Topan ditambani lan leren ing UKS.
Tanggapan:
Yen olahraga ngepasi gerimis utawa udan, sing ngati-ati. Aja nganti Kedadean kang dialami Topan Satrio Aji murid kelas 5 SD N 1 Wirogunan iku Kedadean tumrap awake dhewe. Menawa lagi udan becike leren dhisik. Supaya bisa njaga kewarasane awake dhewe.
Garapen pitakon ing ngisor iki adhedhasar laporan Kedadean ing dhuwur!
1. Kapan lan ing ngendi kacilakan iku Kedadean?
Wangsulan:
ing papan lompat jauh
2. Apa sebabe kacilakan iku bisa kedadean?
Wangsulan:
mergane pidakane lunyu sabubare kegremisan utawa kudanan
3. Wenehana tanggapan marang laporan iku miturut awakmu dhewe!
Wangsulan:
Kabijakan guru
4. Sapa sing nulis laporan iku?
Wangsulan:
Raihan Aji
5. Sapa sing nemoni kacilakan?
Wangsulan:
0 Komentar untuk "Materi B. Jawa Kelas 5/2 SD (Pelajaran 3)"