Materi Bahasa Jawa SD 5/2 (Pelajaran 2)


Standar Kompetensi
1. Mendengarkan
     Mampu mendengarkan dan memahami wacana lisan melalui pembacaan teks cerita rakyat dan tembang Macapat
2. Berbicara
     Mampu mengungkapkan pendapat dan perasaan secara lisan, mendeskripsikan benda dan menanggapi persoalan faktual sesuai dengan unggah-ungguh.
3. Membaca
     Mampu membaca dan memahami teks cerita anak, membaca indah dan membaca huruf Jawa
4. Menulis
     Mampu menulis laporan sederhana dalam ragam bahasa Jawa tertentu dan menulis huruf Jawa
  
Kompetensi Dasar
1.1   Mendengar cerita rakyat           
2.1   Mendheskripsikan benda sekitar            
3.1   Membaca cerita anak 
4.1  Menulis laporan sederhana hasil pelaksanaan tugas

     A. Nyemak : Nyemak Crita Rakyat
1.   Crita Rakyat
Crita rakyat akeh tinemu ing tlatah Jawa kang kawentar wiwit jaman kuna nganti tekan seprene. Crita rakyat uga asring sinebut legenda turun tumurun. Umume sumebar lan dicritakake kanthi lesan. 

Tuladha Cerita Rakyat
a.   Baru Klinthing,
b.   Tangkuban Prau,
c.   Keong Emas,
d.  Ajisaka,
e.   Bandung Bandawasa,
f.   Timun Emas,
g.   Cindhe Laras, lan sapanunggalane.

Crita rakyat iku isine bisa kanggo patuladhan tumrap uripe manungsa. Biasane isine wulang wuruk babagan budi pekerti, tindak-tanduk, micara, unggah-ungguh lan watak kang utama. 

2.   Ngrungokake Crita Rakyat Aji Saka
Ajisaka
Prabu Ajisaka duweni abdi cacah papat, yaiku Dora, Sembada, Duga, lan Prayoga. Abdi-abdi kuwi mau tansah ndherekake menyang ngendi wae tindake Prabu Ajisaka. Ing salah sawijine crita kasebut Si Dora lan Si Sembada ditinggal ana ing Pulo Majethi supaya njaga keris kagungane Prabu Ajisaka. Prabu Ajisaka meling marang abdine sakloron, “Sapa wae sing nimbali lan arep mundhut keris, aja kokwenehake, yen dudu aku dhewe kang njaluk.”

Dene abdine kang aran Duga lan Prayoga diajak ndherekake Prabu Ajisaka menyang ngendi wae tindake Sang Prabu. Bareng wis sawetara wektu, Prabu Ajisaka wis kasil dadi raja ing Medhangkamulan. Ngalahake raja kejem lan galak sing gawene mangani daging manungsa, ya saka wargane dhewe. Mulane rakyat Medhangkamulan tansah wedi lan ora bisa urip tentrem. Medhangkamulan dadi negara kang adoh saka kemakmuran. 

Ajisaka bisa kasil ngalahake Raja Medhangkamulan iku. Bareng wis dadi Raja Medhangkamulan, Ajisaka kelingan marang abdine kang katinggal ing Pulo Majethi. Mula Sang Prabu utusan marang Duga lan Prayoga supaya nusul menyang Pulo Majethi nimbali Dora lan Sembada, uga njupuk keris kagungane sang Prabu.

Dora lan Sembada kang ditinggal ing Pulo Majethi saktemene wis krungu kabar manawa sang Ajisaka wis jumeneng nata ing Medhangkamulan. 

Tekan Medhangkamulan si Dora matur marang Prabu Ajisaka menawa dheweke nusul dhewe awit si Sembada ora gelem dijak. Sang Prabu banget dukane lan lali marang welinge. Dora diutus bali menyang Majethi njupuk keris kagungane Sang Prabu. Manawa Sembada ora gelem menehake keris mau, kon mateni sisan.

Satekane ing Pulo Majethi, Dora kandha manawa dheweke wis ketemu klawan ratu gustine lan saiki kautus ngajak Sembada lan nggawa keris kang dadi reksane menyang Medhangkamulan. Ananging Sembada tetep ora gelem menehake keris mau amarga mbiyen Ajisaka wis nate meling menawa ora kena menehake keris marang sapa wae kajaba marang Ajisaka dhewe, kekarone banjur padha padudon, tantang-tantangan, kerengan nganti kekarone mati sampyuh.

Sampyuhe wong loro kang kabeh abdine Ajisaka iku kasebar nganti tekan Medhangkamulan. Ajisaka uga mireng anane wong loro mati sampyuh iku. Ajisaka banjur kelingan babagan piwelinge. Ajisaka banget anggone getun. Ananging kabeh mau wis kadhung kedadean. Ajisaka banjur nggawe aksara Jawa kanggo pepeling marang abdine sakloron kang mati sampyuh iku. 

3.   Njupuk Piwulang Crita Rakyat
Sabubare ngerteni isi crita kang wis dirungokake, banjur bisa ndudut piwulang ana ing crita kasebut. Kanthi mangkono bisa didudut simpulane menawa anggone ngrungokake kasil temenan. Ing ngisor iki minangka piwulang ana ing crita rakyat “Ajisaka“.
a.   Dadi wong iku utamane dadi pemimpin yen ngendikan iku ora kena mencla-mencle.
b.   Menawa dipercaya dening wong liya iku kudu bisa netepi lan ora kena nyulayani.

Garapan
A.  Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi bener lan cekak!
1.   Kepiye kahanane Medhangkamulan sadurunge diperintah Ajisaka?
Wangsulan:
rakyat Medhang Kamulan tansah wedi lan ora bisa urip tentrem

2.   Apa piwelinge Ajisaka sadurunge ninggalake Pulo Majethi?
Wangsulan:
sapa wae sing nimbali lan arep mundhut keris, aja kokwenehake, yen dudu aku dhewe kang jaluk 

3.   Sapa sing ditinggal ing Pulo Majethi?
Wangsulan:
Dora lan Sembada

4.   Apa irah-irahane wacan ing dhuwur?
Wangsulan:
Ajisaka 

5.   Sapa wae abdine Prabu Ajisaka, apa tugase?
Wangsulan:
Dora, Sembada, Duga, Prayoga

6.   Sapa kang mati sampyuh?
Wangsulan:
Dora lan Sembada

7.   Kepiye Prabu Ajisaka anggone meling marang sakloron abdine?
Wangsulan:
ngripta aksara Jawa

8.   Sapa sing ndherekake Prabu Ajisaka?
Wangsulan:
duga lan prayoga

B. Tatanen huruf-huruf ing ngisor iki dadi tembung kang cocog karo crita ing dhuwur banjur golekana katrangane!
Tuladha:
A - K - J - A - S - I  -  A = Aji saka

1.   D - E - S - A - B - A - M=           
Wangsulan :
Sembada

2.   A - D - O - R =   
Wangsulan :
dora

3.   D - O - N - U - D - A - P =         
Wangsulan :
Padudon

4.   A - Y - O - G - A - R - P =          
Wangsulan :
Prayoga            
            
5.   H - A - M - E - J - I - T =            
Wangsulan :
Majethi

6.   R - E - S - I - K=  
Wangsulan :
keris              

7.   S - Y - U - P - M - A - H=           
Wangsulan :
Sampyuh

8.   U - D - A - G =   
Wangsulan :
duga

9.   M - U - L - A - N - H - A - M - A - N - G - A - D - E - K =      
Wangsulan :
Medhang Kamulan 

10. B - I - D - A =     
Wangsulan :
abdi 

      B. Micara: Dheskripsikne Sawijining Barang
1.   Gawe Dheskripsi Barang ing Sakiwa Tengen
Sing diarani dheskripsi iku njlentrehake barang kanthi cetha. Nyebut warna, wujud, bentuk, bakale, gunane, lan sapiturute. Tujuane supaya uwong sing ngrungokake dheskripsi bisa mangerteni utawa paham marang barang sing digawe deskripsine.

2.   Tuladha Dheskripsi Barang
      Wacanen kanthi tlesih lan saksama!
Lemari
Lemari iku ana sing digawe saka kayu, alumunium, plastik, lan kaca. Lemari gunane kanggo nyimpen aneka warna barang. Ana lemari kang gunane kanggo nyimpen perabot dhapur, ana lemari kang gunane kanggo nyimpen dhokumen, buku, layang penting. Ana lemari kang gunane kanggo nyimpen pakaian. Ana lemari kang dienggo nyelehake barang dagangan lan sakpiturute.

Lemari kang dienggo nyimpen dhokumen, pakaian, lan perabot dhapur digawe saka kayu, kaca, plastik, utawa alumunium. Dene lemari kang dienggo majang barang dagangan ing toko-toko iku umume digawe saka kaca bening supaya wong-wong bisa mirsani barang sing dipajang arep didol . Lemari kang kaya mengkono iku diarani etalase. 

Regane lemari macem-macem. Ana lemari kang regane satus ewu lan ana uga lemari kang regane nganti jutaan rupiah. Regane macem-macem miturut bakale, ukurane, lan kaendahane lemari iku. Menawa lemari dihiasi kanthi seni kaya ta ukir, gambar, utawa tatahan umume regane samsaya larang. 

Lemari kang diparingi hiasan-hiasan iku gunane ora mung kanggo nyimpen barang-barang. Nanging uga nggawe kahanan ing sajrone omah utawa kamar samsaya endah. Saengga wong sing ana ing sajrone omah utawa kamar iku krasan ana ing sajerone.
  
A. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi bener lan cekak!
1.   Apa sing diarani etalase iku?
Wangsulan :
lemari kanggo majng barang dagangan

2.   Apa paedahe lemari dihias?
Wangsulan :
nggawe kahanan ing sajrone omah utawa kamar samsaya endah. saengga wong sing ana ing sajrone omah utawa kamar iku krasan ana ing sajerone.

3.   Lemari iku bisa digawe saka bahan apa wae?
Wangsulan :
kayu, alumunium, plastik, lan kaca

4.   Hiasan apa wae kang ana ing lemari?
Wangsulan :
ukiran utawa gambar

5.   Aranana telu wae gunane lemari!
Wangsulan :
kanggo nyimpen maneka werna abang, nyimpen perabot dapur, nyimpen dhokumen, buku, layang penting, kanggo nyimpen pakaian, kanggo ndelehake barang dagangan


3.   Ukara Sesanti
Ukara sesanti uga diarani ukara semboyan, gunane kanggo nuwuhake semangat supaya makantar-kantar. Umpamane satengahe paprangan, para prajurit amrih tetep grengseng semangate prelu dibengoki nganggo sesanti. Ukara sesanti uga bisa dadi pepeling utawa pemut marang kang padha maca supaya tansah ngudi tumindak utama.
Tuladha:
a.   Menang tanpa ngasorake.
      Tegese: menang tanpa gawe wirange mungsuhe.
b.   Rawe-rawe rantas malang-malang putung.
      Tegese: sakabehe pepalang bakal disirnakake.

Garapan
Jodhokna supaya dadi ukara sesanti kang becik!
a.   Ana ing lathi
b.   Bawana
c.   Segara
d.   Santosa
e.   Bobot
f.    Ana ing busana
g.   Rame ing gawe
h.   Bubrah
i.    Bala
j.    Mawa bea

1.   Jer basuki
2.   Ajining dhiri        
3.   Ajining raga        
4.   Crah agawe         
5.   Rukun agawe      
6.   Sepi ing pamrih   
7.   Nglurug tanpa    
8.   Nguyahi banyu   
9.   Bibit, bebet,          
10. Memayu hayuning
     
Wangsulan:  
1-j, 2-a, 3-f, 4-h, 5-d, 6-g, 7-i, 8-c, 9e, 10-b


    C.      Maca:  Maca Crita Anak
Wacanen kanthi tlesih!
                                                         Iwit, Si Bajing lan Tikus Cilik
Iwit si bajing sing manggon ing wit klapa pinggir dalan gedhe sedhih atine. Geneya? Sebab dheweke durung duwe pasedhiyan pangan senajan mung sethithik. Kamangka sedhela engkas wis mangsa rendheng. Nanging apa sing dialami Iwit iki ya merga saka kesede dhewe. Kamangka, wit klapa sing dipanggoni turu wis ora woh maneh jalaran saking tuwane umure.

Sasuwene mangsa ketiga Iwit turu wae. Emoh nyambut gawe. Mulane, saiki Iwit munyeng mikirake tekane mangsa rendheng mengko, piye bisane ing mangsa iku dheweke panggah mangan kaya biasane. Ora kaliren.

Ing dhuwur wit, Iwit duwe tangga jenenge Kiki Tikus.
“Rewangana aku ya, supaya bisa golek pangan ing mangsa rendheng mengko….” kandhane Iwit marang Kiki Tikus.

“Iya, aja kuwatir,” Wangsulane Kiki.
“Carane, wiwit saiki kudu nyambut gawe sing mempeng, golek wit-wit sing nguwoh akeh. Ben bisa nglumpukake pangan.”

Krungu kandhane Kiki ngono mau, Iwit mencep. “Apa? Aku kudu nyambut gawe? Huhh… wegah…wegah..!” Iwit gebes-gebes, banjur molet lan angop. Let sedhilut wis turu nglipus. Sauntara iku kanca-kancane, kaya manuk prenjak lan dara, padha ibut nyambut gawe.

Sawijining dina, nalika lagi enak-enak turu, dumadakan Iwit krungu swara tangis. Dheweke banjur nggoleki asale swara mau. Tibake ana tikus cilik lagi nangis ing ngisor wit cemara cedhak wit klapa panggonane Iwit turu.

“Geneya kowe kok nangis?” pitakone Iwit.
Tikus cilik iku nyawang Iwit, banjur ngelapi eluhe nganggo sikil ngarep.
“Aku sumpeg, sedhilut engkas mangsa rendheng. Nanging aku ora duwe papan kanggo ngeyub. Aku bisa mati katisen yen ora nemu papan kanggo ngeyub sasuwene mangsa rendheng,” wusana kewetu sambate.

“Aku ya sumpeg…. wis meh rendheng  durung duwe pasedhiyan pangan blas. Bisa-bisa aku mati kaliren mengko,” Iwit genti sambat.

Kekarone banjur meneng. Lungguh sangga uwang, mikir nasibe dhewe-dhewe. Suwe-suwe Iwit angop amba lan turu nglepus. Dene tikus cilik, rumangsa oleh kanca senasib, marani panggonane Iwit. Banjur mlungker ing buntute Iwit sing empuk lan kandel. Tikus kuwi turu nglipus ing kono nganti Iwit nglilir.

“Buntutmu anget, kandel, lan empuk. Angler banget olehku turu ana buntutmu mau,” kandhane Kiki Tikus bareng Iwit nglilir.

“Iya ta? Nek ngono, kowe wis nemokake papan kanggo turu selawase mangsa rendheng iki.”
“Ing endi?” pitakone tikus cilik ora ngerti.
“Ing buntutku….”
“Tenan? Kowe ora kabotan?”
“He’em.”

“Matur suwun Wit, matur suwun,” kandhane si tikus cilik seneng banget. Ing batin dheweke janji arep mbales kabecikane Iwit Bajing. Lan dheweke ngerti, yen Iwit Bajing rada males nglumpukake pasedhiyan pangan.

Tikus cilik iku banjur sengkud nyambut gawe nglumpukake pasedhiyan pangan mangsa rendheng kanggo dheweke dhewe lan Iwit Bajing kancane. Kaya apa bungahe Iwit weruh gudhange wis kebak panganan. Ana cuwilan klapa, cuwilan roti, pohung, lan liya-liyane. Ateges dheweke bisa mangan wareg ing mangsa rendheg mengko.

“Kowe ora kabotan ta Kus, nggolekake pangan aku?”
“Ora. Pancen aku pengin males kabecikanmu kok.”
“Matur nuwun, matur nuwun banget. Aku….”

“Ora angel kok nglumpukake pangan kuwi, Wit. Sing penting mung gelem nyambut gawe mempeng….”

Iwit mesem isin. ”He’em, pancen kudune aku nyambut gawe mempeng kaya kowe lan kanca-kanca liyane.” Iwit banjur ngrangkul tikus cilik kancane kuwi. “Sesuk aku arep golek pangan bareng kowe, ora bakal turu wae. Matur nuwun Kus, kowe wis nyadharake aku….”
Sumber: Jayabaya.Wordpers.com

Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis adhedhasar wacan ing dhuwur!
1.   Apa sebabe Iwit susah atine?
Wangsulan:
amarga pasedhian pangane wis arep entek

2.   Apa panganan kang kasil diklumpukake tikus cilik ing gudhang?
Wangsulan:  
ana cuwilan klapa, cuwilan roti, pohung, lan liya-liyane

3.   Iwit iku kewan awujud apa?
Wangsulan:
Bajing

4.   Tikus cilik iku turu ana ing ngendi?
Wangsulan:
buntute iwit

5.   Iwit mapan ana ing ngendi?
Wangsulan:
klapa


    D.     Nulis: Nulis Laporan
1.   Pengertosan Laporan
Laporan iku gunane kanggo menehi ngerti marang liyan utawa kanggo pengarsipan. Mulane laporan iku ditulis sawise nglakoni utawa mirsani kahanan. 

2.   Tuladhane Laporan
Gatekna tuladha Laporan ing ngisor iki!
Kang Nglaporake  :    Ilman Nafi
Papan                     :    Latar SD N 7 Semarang
Wektu                    :    Senin 22 Oktober 2012, Jam 7.30 WIB
Kedadean              :    Upacara ing SD N 7 Semarang
Katrangan             

Jam pitu esuk dina Senin ing SD N 7 Semarang dianakake upacara rutin. Para siswa lanang lan wadon padha siap wiwit bel jam pitu esuk iku. Kabeh nganggo seragam abang putih lengkap. Dhasi, topi lan sepatu ireng kaos kaki putih. Para siswa jejer kanthi rapi ana ing latar sekolahan.

Siswa kelas 1 mapan ana ing barisan paling kiwa utawa sisih kidul. Dene siswa kelas enem ana ing dheretan paling tengen utawa sisih lor. Sebagian siswa kelas enem ana sing dadi petugas upacara. Bapak ibu guru ngadeg jejer kanthi rapi ana ing latar sisih kulon marep mangetan. Dene petugase upacara lan regu koor ana ing sisih lor marep mangidul. 

Upacara ing dina iku kaleksanan kanthi khidmat. Wiwit ngibarake gendera nganti pamacane doa kabeh kaleksanan kanthi apik. Para siswa padha anteng wektu mirengake amanat. Ing amanat iku Pak Kepala Sekolah dhawuh supaya para siswa njaga karesikan amarga iki wis tekan mangsa rendheng. Menawa ora bisa njaga karesikan bisa-bisa kena penyakit. Lan menawa ora njaga karesikan, kaendahane sekolahan bakal ilang.

Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis!
1.   Kapan kedadeyane?
Wangsulan:
Senin 22 Oktober 2012 jam 07.30 WIB

2.   Kepiye kahanane para siswa wektu upacara?
Wangsulan:
khidmat

3.   Sapa kang gawe laporan?
Wangsulan:
ilman naïf

4.   Ing ngendi kedadeyane?
Wangsulan:
Latar SD N 7 Semarang

5.   Apa kang dilaporake?
Wangsulan:
upacara ing SDN 7 Semarang

3.   Tembung Lingga lan Tembung Andhahan
a.   Tembung Lingga
Tembung lingga iku tembung kang durung owah saka asale. Tegese durung owah iku durung diwenehi ater-ater, seselan, panambang, lan pangrangkep.
Tuladha:
     
1)   tulis
2)   dolan
3)   jaluk
4)   gambar
5)   takon
6)  turu                            
7)  pacul   
8)  adus                           
9)  ukur                           
10) padhang        

b.   Tembung Andhahan
Tembung andhahan iku tembung kang wis owah saka asale utawa linggane. Owahe bisa amarga diwenehi ater-ater, seselan, panambang, utawa dirangkep. Tembung lingga kang wis diowahi iku bakal malih dadi tembung andhahan.

Tuladha:
1)  madhangi      = m + pandhang + i
2)  pitakon          = pi + takon + an
3)  dolanan         = dolan + an
4)  dijaluk           = di + jaluk
5)  ngadusi         = ng + adus + i
6)  nggoleki         = ng + golek + i
7)  tinulis            = tulis + in
8)  gegambaran = ge + gambar + an
9)  macul            = m + pacul
10)                       ngukur = ng + ukur    


Garapan
Tulisen L (Lingga) utawa A (Andhahan) ana tembung-tembung ing ngisor iki!
1.   kelinggis                ( ......................... )
Wangsulan :
A

2.   saru                       ( ......................... )
Wangsulan :
L

3.   ambruk                 ( ......................... )
Wangsulan :
L

4.   makani                  ( ......................... )
Wangsulan :
A

5.   lemari                    ( ......................... )
Wangsulan :
L                             
                        
6.   disaki                     ( ......................... )
Wangsulan :
A

7.   takjaluk                 ( ......................... )
Wangsulan :
A

8.   tulis                       ( ......................... )
Wangsulan :
L

9.   nembang               ( ......................... )
Wangsulan :
A

10. pakaian                 ( ......................... )
Wangsulan :
L



Share :

Facebook Twitter Google+
0 Komentar untuk "Materi Bahasa Jawa SD 5/2 (Pelajaran 2)"

Back To Top