Wacan ing ngisor iki wacanen kanthi premati
Bali
Yen ana wong kandha Pulo Bali, saben wong sajabang cindhile mesthi weruh. Malah-malah tumraping bangsa manca Pulo Bali luwih moncer jenenge katimbang Negara Indonesia. Apa sebabe ? Yen mung bab kaendahaning kutha, segara, pesisir, gunung, tlaga lan sapanunggalane tanah Jawa ora kalah endah. Salah sijine keluwihane Bali yaiku kukuhe warga masyarakat Bali njaga adat kabudayane.
Saliyane padha ndeleng kaendahane Bali, para turis uga seneng kahanan ing Bali kang isih kenthel kabudayane. Kahanan sing koyo mengkono iku ndadekake sapa wae kepingin moro menyang Bali. Saking akehe turis manca utawa turis dhomestik, mula sektor pariwisata dadi andhalane Pulo Bali.
Pamarintah dhaerah propinsi Bali temen-temen anggone ngatur lan nengenake babagan pariwisata iki. Pariwisata arupa sumber devisa utawa sumber pengasilane pemerintah lan warga masyarakat Bali. Ing saben dina pirang yuta wae dhuwit sing diblanjakake dening para turis.
Dhuwit mau bisa ngubengake ekonomine rakyat Bali. Sing penting para warga merlokake rasa aman, ora ana ontran-ontran kaya bom Bali pirang taun kepungkur. “Manunggaling kawula lan gusti” antarane masyarakat Bali lan para pangarsane pemerintah dhaerah diperlokake supaya budaya, adat istiadat, seni, lan papan papan pariwisata tetep bisa lestari lan wisatawan tetep teka ing pulo Bali, jer iku kang dadi saka gurune ekonomi Bali.
I. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis adhedhasar wacan ing dhuwur!
1. Ora ana ontran-ontran kaya bom Bali
Ontran-ontran iku tegese apa?
Wangsulan:
geger
2. Apa perlune antarane masyarakat lan pamarentah nyawiji/manunggal?
Wangsulan:
supaya budaya, adat istiadat, seni, lan papan pariwisata tetep bisa lestari lan wisatwan tetep teka ing pulo bali, jer iku kang dai saka gurune ekonomi Bali.
3. Apa sebabe Bali bisa kawentar nganti tekan luar negeri?
Wangsulan:
kukuhe warga masyarakat Bali njaga adat kabudayane
4. Apa sing diarani turis manca lan turis dhomestik?
Wangsulan:
turis manca: wong mlancong saka jaba negara. turis domestik : wong mlancong saka negarane dhewe
5. Apa contone kabudayan saka Bali iku?
Wangsulan:
tari Barong, tari Pendet, tari Kecak
II. Wenehana tandha ping (x) ana aksara a, b, c, utawa d ing sangarepe Wangsulana kang trep!
1. ..., esuk-esuk kowe wis teka. Biasane kan awan tekamu.
Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara ing dhuwur yaiku ....
a. gugur gunung c. gunung guntur
b. njanur gunung d. njanur guntur
Wangsulan : (b)
2. Contone tembung dwilingga salin swara yaiku ....
a. swara-swara c. cekikik
b. uthak-uthik d. rerembugan
Wangsulan : (b)
3. Banyu kang mili
nanging tansah mbrojol
saka sela-selane driji
Kramane tembung driji yaiku ....
a. asta c. sampeyan
b. racikan d. panunggul
Wangsulan : (b)
4. Wira-wiri, rana-rene, mloya-mlayu, nongas-nangis.
Tembung rangkep ing dhuwur arane ....
a. dwilingga padha swara
b. dwipurwa
c. dwilingga salin swara
d. dwiwasana
Wangsulan : (c)
5. Kang ora klebu tembang Macapat yaiku ....
a. pucung c. asmarandana
b. sinom d. wirangrong
Wangsulan : (d)
6. Ing ngisor iki sing kalebu tembung dwilingga yaiku ....
a. cengenges c. omah-omah
b. geguyu d. tetulung
Wangsulan : (c)
7. Tembung-tembung rangkep ing ngisor iki kang kalebu tembung rangkep dwipurwa yaiku ....
a. bola-bali, wira-wiri
b. cengengesan, cekikikan
c. anting-anting, andheng-andheng
d. tetuku, lelayu
Wangsulan : (b)
8. Tembung dwiwasana contone....
a. bola-bali c. rereged
b. cengenges d. omah-omah
Wangsulan : (c)
9. Roning mlinjo, sampun sayah nyuwun ....
Tembung kang trep kanggo ngiseni ceceg-ceceg ing ukara kasebut yaiku ....
a. so c. dhahar
b. leren d. ngaso
Wangsulan : (d)
10. Segarane jembar gilar-gilar. Jembar padha tegese karo tembung ....
a. amba c. dhuwur
b. gedhe d. jero
Wangsulan : (a)
11. Tembung-tembung rangkep nanging kang dirangkep mung wandane sing ngarep diarani ....
a. dwipurwa c. dwijarwa
b. dwiwasana d. dwilingga
Wangsulan : (b)
12. Saben sakpada tembang Pocung iku ana ....
a. selarik
b. rong larik
c. patang larik
d. nemlarik
Wangsulan : (c)
13. Bali iku ibu kotane ....
a. Mataram c. Gilimanik
b. Kupang d. Denpasar
Wangsulan : (d)
14. Wong mlancong kang asale saka wong saknegara diarani ....
a. manca c. domisili
b. domestik d. asing
Wangsulan : (b)
15. Kang kalebu budaya Bali yaiku ....
a. kethek Ogleng c. tari Ngremo
b. tari Pendet d. Ludruk
Wangsulan : (b)
16. Pariwisata ing Pulo Bali bisa maju amarga para warga njaga ....
a. karesikan c. kaendahan
b. kabudayan d. keamanan
Wangsulan : (b)
17. Pante kang ana ing Bali contone ....
a. Losari c. Sanur
b. Kartini d. Parangtritis
Wangsulan : (c)
18. Geguritan iku rumpakan asil ciptane manungsa kang nuwuhake kaendahan.
Endi kang dudu titikane macapat ....
a. basane endah
b. tetembungane pilihan lan mentes
c. nganggo lelewaning basa
d. kaiket guru lagu lan guru wilangan
Wangsulan : (d)
19. Tandha (/) ana ing geguritan nandhakake ....
a. mandheg sedhela
b. sambungane antarane larik siji lan sijine
c. pitakonan
d. mandheg
Wangsulan : (a)
20. (1) Swarane marem saka padharan
(2) Intonasi manut karepe dhewe
(3) Jeda/pamedhote tembung pas karo karepe
(4) Guru wilangane padha
Pratelan-pratelan ing dhuwur kang kudu digatekake manawa maca geguritan yaiku ....
a. (1) – (2) c. (2) – (3)
b. (1) – (3) d. (2) – (4)
Wangsulan : (c)
21. Nek dijak caturan mbok aja ngembang duren.
Wangsalan iku tegese ....
a. thingak-thinguk
b. kekarepane seje
c. guyup rukun nunggal karep
d. dlongap-dlongop
Wangsulan : (d)
22. Bapake Antasena arane ....
a. Werkudara c. Baladewa
b. Basudewa d. Palasara
Wangsulan : (a)
23. Tembung-tembung kang dirangkep mung wandane sing ngarep iku diarani tembung....
a. dwilingga c. dwipurwa
b. dwiwasana d. dwikarya
Wangsulan : (b)
24. Werkudara iku satriya ing ....
a. Jodhipati c. Madukara
b. Kuru setra d. Astina
Wangsulan : (a)
25. Bocah kok mung glelang-gleleng sakarepe dhewe.
Tembung glelang-gleleng iku kalebu tembung ....
a. dwiwasana
b. dwipurwa
c. dwilingga padha swara
d. dwilingga salin swara
Wangsulan : (d)
III. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembung kang mathuk!
1. Wis dikandhani kok ora nggugu, mbokyo mirengke dhawuhe bapak!
Tembung dwilingga salin swara kang trep kanggo ngiseni ceceg-ceceg ing ukara kasebut yaiku ....
Wangsulan :
bola-bali
2. Candhi Borobudhur iku dumunung ana ing Provinsi ....
Wangsulan :
Jawa Tengah
3. Kok njanur gunung kowe teka kene.
Tembung njanur gunung tegese ....
Wangsulan :
kadingaren
4. l y/ tu rh tulisan Jawa ing sisih iku diwaca .......
Wangsulan : layar turah
5. “Lawang Sewu” Tembung iku yen ditulis Jawa dadine ....
Wangsulan :
l y= [ s wu
6. Jembar gilar-gilar tanpa wates
Jero ngalo-alo tanpa ingukur
Bait ing geguritan iku nyritakake kahanane ....
Wangsulan :
segara
7. Kanggo ngurmati wong tuwa iku yen matur nganggo basa ....
Wangsulan :
krama
8. Mlakune ora usah mbalung asem. Mbokya rada ... wae.
Tembung kang trep kanggo ngiseni ceceg-ceceg ing dhuwur yaiku ....
Wangsulan :
alon
9. Eyang badhe .... mangga dipunmirengaken rumiyin.
Wangsulan :
criyos
10. Tembung-tembung kang dirangkep mung wandane sing mburi diarani ....
Wangsulan :
dwipurwa
IV. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis!
1. Apa sing diarani wangsalan?
Wangsulan:
unen-unen kaya dene cangkriman, nanging batangane wis kasebutake sandyan ora ketok melok.
2. Sebutna 4 wae tembang macapat!
Wangsulan:
Pocung, Gambuh, Sinom, Pangkur
3. Kepriye carane maca geguritan kang becik iku?
Wangsulan:
diwaca kanthi ngresep ing ati.
4. Apa sing diarani tembung rangkep dwiwasana iku?
Wangsulan:
tembung rangkep nanging sing diramgkep mung wanda ing ngarep
5. Gawea ukara nganggo tembung-tembung ing ngisor iki!
a. unak-unuk
b. grusa-grusu
Wangsulan:
kabijakna guru
Perbaikan
Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembung kang mathuk!
1. Cathetan hasil pengamatan iku diarani apa?
Wangsulan:
lapuran
2. Pakdhe nembe kemawon ... Jakarta nitih pesawat. Wenehana tembung kanggo ngisi ceceg-ceceg ing dhuwur!
Wangsulan:
tindak
3. m w/ a n s wh tulisan iku apa unine?
Wangsulan:
mawar ana sawah
4. Lelara, pepeteng, bebendu, iku kagolong tembung apa?
Wangsulan:
dwiwasana
5. Omah-omah padha bubrah amarga ana lindhu gedhe.
Tembung omah-omah iku arane tembung apa?
Wangsulan:
dwilingga
6. Soroting sang bagaskara nrajang witing cemara.
Tembung Bagaskara tegese apa?
Wangsulan:
Matahari
7. Tembung “saya wawang” tulisen nganggo aksara Jawa!
Wangsulan:
s y w w=
8. Tembung muna-muni, cukla-cukli kagolong tembung apa?
Wangsulan:
dwilingga salin swara
9. Kanggo nengeri mandheg ana ing geguritan diwenehi tandha apa?
Wangsulan:
garis miring loro
10. Adhine wiwit mau nangis wae, mula banjur ... nganggo lendhang. Tembung kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg ing dhuwur!
Wangsulan:
digendhong
0 Komentar untuk "Ulangan Harian Basa Jawa Kelas 5/2 SD (Kompetensi 1)"